Laman

Selasa, 23 Oktober 2012

BABAD CIREBON


BABAD CIREBON

BAGIAN I
DANDANGULA

Pan Sinegeg wau hingkang banting diri
ingkang kocap ingkang para Oliya
woes prapta hing Goenoeng Cerme
sampun musti hing pangestu
tanpaliyan dinungnung kapti
anging Allah tangala
tarkinning pandulor
Sultan Demak dadya ika
peteng ribet hing wengi kaliwat dening
tingkah anjandung mratuwa.

Sunan Jati tan samar lamonning
ingkang mantu anjangdung mastaka
adan mijos kadikane
luwih becikking tuwu
ja mati sahid angulatti
pati apa pan iku kang bagus
lan ning mau pan wus ana
manusa yen ora nahurra.

Sultan Demak ing kalangkunging
Sapanigan tan kang kataturan
kalangkung dedet imanne
dupi dangu pakemut
yen moliya ana amawi
pindo ping telu ujar
babar bener luput
adan wijilling aturran
langkung kasuhunan hing rama andawuhi
kula darma lumampah.

Sampunira ingkang sami tarki
pan awangun tanajul paningal
tumurun sing Gunung Cerme
prapta hing susukunipun
bani bala sikep ngebekti
ana hing tanah Jawa
marmane hing ngaku
sakabehe kakasih Hingyang
wusti narima iman islame dening
ajallawangajan.

Sigra luwaran ya punika nuli
Sunan Jati hing panatukkira
sarta wali kabeh
ika pan sami rawuh
pan sadaya lumampah aris
warna-warna kaisanira
lunta lampah sampun
pinayungan dening mega
ya Sang Jati uning binarissan dening
teja lan kukuwungan.


Sunan Kali niti kuda lumping
ginentanan reme swaranira
sarta samuride kabeh
dadi uparyara anut
angebeki hing marganeng ngapit
asring wane kang sepak
wane larad-larud
Sunan Bonang lampahira
Ngentiring angin
Leler kadi sisilir
Susulur rampak-kampak.

Sunan Kudus angentir ring wari
lagelurran kaja sangkar katapak
hing banjir bena banyune
Sunan Giri rumasuk
hing sapancorongeng Yang rawi
Syeh Katim lumempat
kadi kilat mabur
niber alepas sing paran
Syeh Mulana Magrib anitihi keris
meber hing ngawang-ngawang.

Syeh Maja gung amendemming bumi
ya Syeh Bentong ingkang awor lan mega
Sultan Demak lampanya lon
lumiring hing Sinuhun
lampa liri hing ngiring dening
lampah bala wurahham
ngebeki madya gung
sampun prapta hing pakud yan
wau wonten ingkang winuwus mali.

Gedeng Tegal gubung sira
matur alon hing Jeng Suhunan Jati
karsanira wau ngideppenna
Sindangkasi masimogu
munggiya Jeng Sinuhun
amaringi idin Jeng Gusti
Sunan Jati patarossan
hing Pati Kerring wau
sapira baya ta sira
hing rempuge iku Dalem Sindangkasih
matur kang dinukking sabda.

Inggih rempag yaktos Sidangkasih
dereng idep wau gama Islam
mengga balane sakabeh
Jeng Sunan mala sampun
wus maringi idin sireki
amangkat Ki Gedeng Tegal
gubug mintar sampun
samaptaning wong ayuda
wus angrasuk sakaprabonningajurit
sinigeg hing lampahira.

K A M A L

Akocap hing Masjid besar
para wali riset denging
arah mangkat jumah
wus adan Sang Datukkafi
Syeh Katim nyekel cin
wus tampi mawacanipun
Sunan Jati sakala
eca-eca gennya linggih
Sunan Kali wus tampa yen Sunan Purba.

Akutbah kang sarta imamma
mangka enggal Sunan Kali
maos kutbah mangka enggal
lalagon kutbahe kadi
wong agodungn kakawin
marmane kaya puituniku
Sunan Kali uninga
yen bakale den pojokke
setelah katam kutbah.

Pangeran Makdum memberi ikamat
Sunan Kali sampun imam
amaos fatehah kadi
panggalekking dangdang ngelak
anggalek galajem gosti
tan nan liyan mali
amung Pangeran ngami-ami
kenang ngapa iki bae kenang ngapa.

Sunan Kali wis uninga
hing sakarep teging ngati
mangka aningsat kang sinjang
dumadi emmase kesti
sampuning salam nuli
kamat mali arya Makdum
Sunan Kali anabda
parangsa ta hing sasepi sesepi Syeh  Majagung diko jogjana
Imbang.

Pandingin duk musawara
wus kamotting para wali
ana jalma murakabah
hing liyan masingupeni
ca bawaning liyan mungkin mangkana Pangeran Makdun
lunta hung salattira
luhur asad ya muparid
sampun bada asalam majemuhan.

Sunan Kudus angandika
pinasti tan dugi iki
sasanga mali sampurno
Sunan Bonang anambungi
sabda sumang kina makin tan nan luhung saestu
Sunan Giri ngandika
Akeh-akeh jaman akir
Ya manungsa kang luhung
Ya owah-owah.

Sunan Jati angandika
kari angko jaman akir
laksanane ora nan angandika Sunan Kali
ilanga pisan mangkin
mangsa anaha kang punjul
saking wali sasanga
aneng nusa Jawa iki
Sunan Jati dumuluring hing Syeh Mulana
tampi saking dukking tingal
Pangeran Kajaksan mangkin
kandikane ela dala
angopenni hing liyanning
sarta karsaning widi
jan dikamangke kalangsur
hing wali sanganga mankin
kang katela nama wali iku ora.

Hidepe bawaning liyan kala ning salat sayakti
Ikram miraj lan munajad
sami amangkin tubadil
Pangeran Makdum adi wus tampi karananipun
anarima hing candah kula nuhun inggih
tedakaken pan inggih jasad kauloa.

Darma lumampah hing karsa
mingga tumurunning ngasil
boten darbeni karkat
hung sagunging para wali
kang mawa luta mangkin
yen Pangeran hing Makdum
wurung daja oliya
amungia Mukmin utami
risedenging abukar wali sahasta.

Kocapa Suhunan Purba
hing purta tebing alinggih
tan liyan hing ngarsanira
amung Mulana Magrib
tuhu ingkang pracayaning Sinuhun hing kinadawu
anyepengi katandan
sing akokuman pasti
Pangeran Kajaksan sakahommira.

Ingkang ngukummi hinh kana
hing karsane Sunan Jati
tan jumeneng kukum rajam
rehing laipping nagari
beda lan panapri Demak
Bonang Gresik Kudus
genggenging Panagara
prandene tan den tapaki
mung warninig kukumman hingkang den tapak
dupi hing Cerbon nagara
yen dosa satengah mati
kaya maling lan wong ala mung den belok kinunci yen dosa
iku pati
matenni padane makluk
tinelassan pinatennan
wong Kajaksan kang duweni gih Mulana Magrib ku
imammira.

Ika sadeng makumpullan
ana hing Made sakundi
Pangeran hing Karangkendal
Gedeng Panguragan istri
miwah Jeng Sunan Kali
kang reka kuta pikuku
hing Cerbon panagara mangkana nabda Sunan Kali
kita diddel kula kang bandawasan.

Kula pendemmi emas sinangling laksana luwi
Jalma mara jalma pejah
Singamara singamati
Yen ana musuh sakti
Saking kidul den sareju
Jaganan aja weja
Pon tan nana giri rusik ya hing musuh sirna sampurna
Salamet sira.

Sabda Arya Karangkendal
gih kula anyanggemi
kuta hing ngeler punika
dadar kula pendemi
candana wulung wangi
peteng ribut buana
yen ana musuh nekanni
saking ngeler den sarejo saponnana.

Pon tan nana baya teka
hing musuh sirna sajati
salamet rahayu sira nabda Gedeng Rara Muning
kula anyanggemi
kita kilen kula bangun
emas ingkang kinarya
warni kodok amandemmi
bumi laksana teguh rahayu tan pasah.

Yen nana musuh tumeka
sing kulon guna asakti
den sreju sangganen rampak
pon tan nana giri rusit
hung musuh ku sirna di
salamet sira rahayu
Sunan Jati ngandika
Isun ingkang anyanggupi
Kuta wetan banguning wesi wasana.

Purasani pinendeman
hing bumi laksana luwi
tegu ya tan kena owah
yen ana musuh nekaning
saking wetan yakti
iku cangkolana den sareju
tan ana durga baya
salamet sira sajati
besuk uga reba hing kuta kang papat.

Lawan kang karya wus sirna
sakarna dengging kuta iki
pakarepane wong papat
ingsun darma angrempugi
siji Syeh Datuk Kapi
kapindo mas Ayu rangkung kaping telu Siti Bagdad kaping patte
iku maringkang Pangeran Panjunan iku si wongge ana.

Sunan Kali mangkyan ngandika
Sunan Jati dela maning
kaping do pinolar putra
sareng cep hing ngangling
abus potusan saking
angaturi atur
putra Jeng Sunan Demak
dadapur ngaturi uning
inggih Pangeran Pasareyan wus sumalah
dalah sampun kaulessan menggantu
gusti ngariki
enggal kesah Sunan Purba
hing ngiring hing Sunan Kali
ika lakuning wali.

Tan nagangu nulya rawu
maring nagari Demak
Ratu nyawa anyungkemi
krona bangetingpadane Jeng Suhunan.


Sapinten baya kaula
rumihin tuwan nyanggemi
kaken hinen kang hubaya kulopun makaten malih
angandika Sunan Jati
aja nangis kaji Ratu
lakinira tan seda pok delengen iku urip
sareng layon musik sarwi angandika.

Rayi aja nangis sira
pan si kakang ora mati
tan lawas tinemu uga
kalawan si raka maning
balik yen sira nangis
hing wong tuwa naenutu
besuk tan panggih pisan kalawan si kakang toli Suhunan Demak
ngandika maring Suhunan.

Girikadaton punika tuwan tinggali
Sunan Jati tebeng nyoba karamate mala mayit sirna kinubur
tumuli mangkana Suhunan Ratu gewuya mantu babahita
kalawan Suhunan Kali nabda hidung sisilir paparahu mancung
lastari lumarap.

Mangkana nitihi palwa meh kiren
dan Sunan Kali malah miring kang
palwa ana bancana nilihi nabda kidung sisilir
miring-miring paparahu
baita alit wonowottan pinan ngantennaken toli
Syeh Lemahbang wong sajati wahessi ala
ana wong binajang kara pinangantenaken toli.

Malesse nungang titiyan
keremming prau denneprih
enggal ical tumuli kang tumut niti parahu
lampahira wus prapta
hing Cerbon wali sakalih
kang kapungkur watek Sangyang binabaran.

P A N G K U R

Kocap Gedeng Susukan
sad ja nipun purwane andingini
lakune wong Tegal guso ya
enggon lumakuhing prang
seja nira Sindangkasih kan jinujug
dalem digja wus uningnga
den arah hing idep Muslim.

Mangka dalem digja sira
sinewaka sagongging para Mantri
dalame digja mangke maewus
lah sira den prayetna
hing tekane musuh mosset aja cenguk
sedenge babarana banteng ulu Sindangkasih.

Iling wawakidding wong kuna
hing bedahe iki balabar waring
dadi rimbagan kang estu
bedahing praja kita
jaitan ganti wedaling waring sing datun
nemba matur kang tinita
hing sabda pakonning gusti.

Sumangga jiyad Sang Nata
Mantri pitu saragep atampi
kang warring sampun ning ngulor
binakta hing pawates san hing watesse sampun pinanjer
luhur
kababar kubenging praja
tampinge wus kinemitti.

Tan nadangu praptanira
Gedeng Susukan
sabalanira ngiring
anuju Prawata sampun
warring sampun kalembak
datan angsak wau dateng marginipun

Gedeng Susukan tan bisa
amiyak balabar waring
lir kuta wesi ika
pan ategu keker hing waring
wing Sindangkasih kalang kung
gumentur swaranira
yen Susukan amimpes hin jayanipun
wong Susukan mere saja
monongtonalaju hari.

Munggu Purba wicaksanan
melehaken ingkang sanggup angidepi
kocappa salajuhipun
Gedeng Tegalgubug sira
moiwa ingkang saka wula bala nipun
kang waring sampun winiyak
larutte wong Sindangkasih.

Lumajeng Sang Dalem Digja
pankalangkung wau giris hing gali
sidakep emutte ulun
bedahe kang wasiyat
nulya muja hing Dewa nuhun pitulung
kumpuling garwa santana
arah ambles maring bumi.

Muwa kang subawa putra
sigra musuh kang subawa prapti
Sangyang Dalem sirandulu
hing musuh ora bisa ya
pedekkan wara Dalem samya tumut
Putri loro kang kacandak
nama Raros lawan Riris.

Kacandak sakalihora
wau dateng Tegalgubug sami
ana guru swaranipun
aja tambu besuk ana
bumi jebug ya hing Sidangkasih iku
apesse kang watek jaya
duriyat ting wong lino ewih.

Dumadi salin paparab
nganggo ambek bidakwalaka nuli
tan paji nganak putu
darmane kang kelingan
mung samono iku hing wawangsis ipun
wong Tegalgubug miharsa
agung gegetunning ngati.

Sigra mangkat wangsulliran
Tegalgubug hing sabalaniki
wong Susukan ngiring sampun
lampanya duduluran
wong Sindangkasih sakabih tan nana kantun
den kerid arsa ngaturena
maing Kanjeng Susuhunan Jati.

Tenga wengi alalampah
sarta sira den gege lampah neki
Sunan Jati kang jina ejug
ya Sang Putri kang sapasang
angreb hing Gubug sawah tanna dangu
kaslir daya mingetan
gumanten asmara guling.

Gedeng Tegal orang kangkat
Putri roro ika wus den karoni
ingkang pinara hing wuyung
ora kangkat langgana
sampun tutug hing ngadep pinangku lulut
sakoro sang ngadi warna
pan samya gegetun ning kaptin.

Wonten carita winarna
Sunan Jati kalawan Sunan Kali
Tebeng hing waringin pitu
sinare hing Gunung Jati punika
Pangeran Majagung saja
ingkang nuwunnu sajati.

Katelah pala langounnan
ya winangun kali kasaru kang prapti
Gedeng Susukan umatur
nuhun duka sampeyan
gih kaula angsal damel supaya karebut
purwanipun Dalem Digja
pejah kaulena pademmi.

Raja dunnya kula jara
mala angsal kula Putri kakali
inggih ingkang bade katur
dateng ngayun sampeyan
wasanane hing marga wonten kang rebut
inggih yaktos
Gedeng Tegalgubug awon
begal margi.

Kanjeng Susuhunan ngandika
aja matur sira pangucap ngisis
cela hing wing padading makluk
bok sira kawalessan
najan Tegalgubug make iku
den wehaken mangko uga
maring isun ngalap rahi.

Layen gede gawenira
Dalem digja kongsi sira jarahi
sun ganjar sira satuhu
sun jenengaken sira
Pati umyang matur nuhun kang liningan wau
tan dangu praptanira
Gedeng Tegalgubug mangkin
Nembah ngaturri boyongan
Jeng Sinuhun ngandika hing saiki
ya si Gedeng Tegalgubug
sun jenengaken sira
Pati Rusu ana dening Putri iku
roro iku sun tarima
nanging kanggo sun paparing.

Maring sira raben nana
mung kaula bala hing Sidangkasih
sing sakahe isun pundut
daja ha angabde amat
isun muwa anak putu kang dadi Ratu
Pati Rusa matur nembah
kator sumangga wondening.

Paparing kasuhun pisan
Sunan Jati angandika sarwi
gumujeng tenganne iku ambeler kenang ngapa
ngaturaken pepesan kosong ya iku
Pati Rusu ara tampa
Sunan Kali mimiringi.

Henggal sampun apamitan
tekang marga ika mangkan pikir
yen dewekke babarujul
putri hing gubug sawah
sigra wangsul tumanduk maring Sinuhun
satus sewu nuhun marga
sapura Sinuhun Gusti.

Putri paparing sampeyan
sampuning kula nuhun inggih
katurmalih hing Sinuhun
Sunan Purba nandika
Pati Rusu isun tampi aejar luput
ya sapisan ujar ingwang
tan ana ujar kakalih.


Lawan isun angapura ingkang
luput anjimah hing Sang Putri
lan samangke wus lulus
dumadi rabinira
matur nuhun inggih sang Pati Rusu
dumadya hing pamit sira
kapungkur Sunan Jati.

Tumuli sang Pati Sumyang
matur nembah nuhun palamarta ugi
bebendu dalem sasuhun Putri ingkang satunggak
kula kaehun pedahe hing wau nipun
sakalih angsal kula
nuhunaken waris wiji.

Ngandika Sunan Prabu
kenang ngapa hinmg maune ora muni
hing sadurunge iku mau
dak wenehaken nesak
sok jaluken dewek sira iku
suka atine iku iya
maring sira isun idin.

Pamit enggal Pati Sumyang
sigra waole mala pinanggi
hing marga wau den bellik
Pati Rusu mandega
sun tuturi ora karsa Sinuhun
Putri siji iku baya
pinaringaken ning mami.

Sang Pati Rusu garjita
ora suka isun den jaluk iki
kasingane sira iku
sing maune ya wis salah
dora cana supaya mungguh Yang Ngagung
ora kilap ingkang ala
kalawan ingkat acik.

Kalesan Pati Sumyang
sigra mantuk tur sarwi madingcing
sareng lamining tumuwu
Pati Rusu kekesahan
ing Mataram nembe dateng wonten Mudu
 congkewak balik karasa
ana durjana nekani.

Maring tuhu wisma nira
sareng malebet hing wisma anemoni
Pati Sumyang babarujul
mangka enggal jarangang
jogol banting binanting samya asureng
tuja tinuja sira
Pati Rusu kasuliring.


Kasaleyo saerung tiba mangka Pati Sumyang sareng ningali
musuhe tiba arubu
linggar hing candakira
iku ina musuh lawan kangwis rubuh
lepas katilar kang yuda.

Pati Rusu enggal tangi
ngucap dening kanihaya
kiyong ngiki sun puja hing Yang Widi
ajana kiyong tumuwu
ana hing sawah kita
lan pumali sakehe wong Tegalgubug
jojodon lawan wong Susukan aturung tumedak ngakir.

KINANTI

Wonten kocapa winuwus
kang wau lagya alinggi
wonten hing Ardi Amparan
sakawula warga sami
wau samya wirahos
kalayan kang abdi neki.

Sigra ngandika Sinuhun
maring ingkang abdi sami
Gedeng Panderes san ingkang
cepeng gendis hing nagari
saking lahang gendis jawa
wus datan nana kang kali.

Dupi mangke tanem tuwu, pala wija tuwin pari
undikaning teja
punika Kuwu Dipati
kanti lan Gedeng Dawuhan
baktine Kuwu Dipati.

Yen ambedo eng hing banyu
pyambake kang dumadi
antru hing banju kudu ega
matok patang puluh bengi
saumuring wong sasawah
kaduga den samber dening
gelap teka ora pasah duga kapendeming siti.

Lah iku ing purwanipun
Kyai Kuwu Dipati
darbe sapa poma-poma
anak putu hing sawuri
aja pada anganggowa
kulambi kadut pumali.

Embok ora kaya isun
nuli tan antara lami
putra Sinuhun kang nama
Pangeran Jaya kalanaiki
karsane kesah adagang
nyabrang tiwa-tiwa dadi.

Nilad putu sabrang wau
adagange mring di endi
angambangaken baita
sigra alayar tumuli.

Dugi maja ning laut
katampeking angin dade
dumanja kerem baita
Pangeran satitik maning
karungkeb kang palma nira
tan dangu kombak aminggir.


Pangeran langkung gegetun
kang ibu Nyai Rara Jati
sabdane aja gagabah
wong dadi duriyat wali
ora kena laku dagang
drawaka kaduli-duli.

Kudu nganggamanah sukur
aja tiru-tiru kadi
putra Sabrang wus lumahar
Pangeran eng ngetting kapti
dadi kang dunya den hina
prasami dipun buwangi.

Telas dipun rawur-rawur
dadi babali amiskin
kapiluyu angumbara
milu lawan wong birahi
karem byangan aneng guwa
anitihi kuda lumping.

Angigel lumaju-lumaju
tur mawi den kulintingi
ana kang sawane genta
tarebangan siyang latri
pohal pahil munggang arga
tumurun gunung colak-calik.

Sareng manjing guwa siyuk
Pangeran kasadah dening
walirang upas tan gagap
kasirep dangu tan eling
kantos telas hing sadino
Pangeran dereng anglilir.

Prasami den gotong mantuk
Nyi Rara Jati anangis
sambat-sambat anaking wang
keneng ngapa maning iki
ya Allah Tuwan Pangeran
nulya Pangeran anglilir.

Ing ngentuing ibu nipun
kenang ngapa gumalidig
anak puton Waliyullah
ora kena angunggahi
gunung Cerme bok dan kaya
rama-rama dika Wali.

Pangeran dumadi emut
jaran lumping den buwangi
trebange den buwang-buwang
gentane dipun goceki
dadi ababalik agaman
lampah ekas lampah santri.


Diyang dalu rabang rubung
salat ngaos lawan dikir
nunten numaking wong dagang
penejane tumut kaji
kang praone nengah lautan
kabiyar kagawang angin.

Prau katung kebing banyu
akeh bandega kang mati
Pangeran nitihi bahan
aneng laut nuli minggir
kantos kawan dasa dina
tan weruh talata minggir.

Den sara dening wong prahu
katur maring Nyai Rara Jati
kang ibu sanget karuna
kenag ngapa dikasihi
mancalo sing kadang dika
polahe sabagi-bagi.

Daja balahine agung
bok ta anak putu Wali
ing Cerbon bok ora kongang
kesah kaji dipun eling
mapan rama jengandika
hing Cerbon wangun masigit.

Kang minangko kajinipun
wong pekiruna hing riki
dika aja ilok murka
aja akeh pohal pahit
gugen nana tapak yasa
rama ramandika wali.

Tumuli Pangeran emut
akulima hing masigit
angramihaken Jumurah
maos kutbah angimami
hing salami-lami nira
sareng hing kana tumuli.

Pangeran kutbah ne gugur  geger hing wong sa masigit
yen putra Dalem atiwas
waktu iku Sunan Jati
siweg kesah datang Pajang
hing kono dadi ariri.

Gugatti Pangeran Makdum
peki Abdullah Mujahid
hing Astana Palakaran
lawan Pangeran Darajat
kalawan Tuwan Syeh Katim.

Saking Kalijaga kumpul
sami amirahos tejar
Syeh Datukafi Kewedan
hing manah dados atari
matur hing Pangeran Drajat
sapinten baja puniki.

Pangeran Drajat umatur
hing wong salah dan pinilih
najan putra hing Nalendra
kukum ora pilih kasih
ya duku bae kokuman
amung si sabar rumihin.

Sami ngantosa hing rawee
ipun kang lungguk Narpati
aja kurang taha krama
najan ga sampunnu wakil
nanging prayoga ngantosan
sapira tala hing mangkin.

ASMARANDANA

Yata kampo ingkang sami
mirahos ingkang kukuman
tan nancara hing lamine
sarawu he Jeng Suhunan
saking nagari Pajang
Syeh Datukkafi umatur
yen putra dalem Kalana.

Tiwas gugur gennya wangil
gugating para Ngulama
anengge wonten takjire annunten Kanjeng Suhunan
ngumpullaken kang para
Pangeran gegedenipun
kang aneng Cerbon nagara.

Pangeran Drajat wus prapti
miwah Jeng Tanda
Pangeran Luwung salawe
Pangeran Ugyannapora
Pangeran Sidangbarang
miwah Jeng Pangeran Parung
Pangeran Hing Kedungsoka.

Pangeran Pase sumanding
miwa ika Raja Cempa
lana Pangeran SindanglMPRE
Pangeran hing Cerbon girang
Kyai Gede Kedokan
Gedeng Jati Gedeng Sembung
miwah kang para Ariya.

Pandeleg gan Wandu kaji
Jugusatru Kandurun
Pencattanda Andamur Ander
sadaya pinatarossan
tan kangkat anglangkungana.

Angandika Suhunan Jati
dateng Pangeran Ugyanna
mara metok kena age
dinar ingkang kira-kira
sabobotte si Kalana
wuring sira timbangan iku
nuli para ngedumena.

Maring saking pekir miskin
nuli ika si Kalana
prasmya buwangen age
maring gonning kang simpar
ika hing Sagraherang
wangen patang puluh dalu
lawan uwis arya ana.

Para Pangeran lumiring
kalakuwanning jumahat
endahing wong cilik bae
kon njekel kutbah Jumah
dugiya akir jaman
duriyakajana melu
hing laku imam lan kutbah.

La miarsa sagunging
ingkang sami hing ngayunan
wus anut hina sakarsane
ingkang amandita Raja
hing cerbon Waliyullah
hing tita muslika ipun
sampun laksana sadaya

Wus tutug sapangandikaning
wau Jeng Suhunan Prabu
sadaya kula wargane
miyarsa konjeming kesma
miyarsa kang pangandika
samya wedi asihipun
lir lata kada wuhan warsa.

LADRANG

Risedenging panylongkang utama siji siji
ingkang waraga, dening dad jatining Wali
ya Syeh Bentong hing kamu sirna sumala.

Sunan jati Sunan Kali anjenegi
hing layoning
Ohya Karangguyammi
guriyangging Pandita Sekar Dwija.

Sunan Jati lalurme saking dingin
sami kesah
mring ngetan lan Jeng Sunan Kali
dateng Gresik amanggih adining tinggal.

Hing sedane Sunan Giri pinang kaning
Wali Jawa, sirna panetek abecik
wus minulya pinangka Gresik Astana.

Ginandikaken ingkang putra Sunan giri
kang paparab Raden Akbar ing ngistrenan
Panembahan Ratu aneng Girigaja
hing luntahe Sunan jati Sunan Kali
mring Surabaya
lampah ningid kang sinajang kapti
Sunan Ampeldenta mangkana kukilan.


Kokok beluk nama Sang Duda wus prapti
bakta surat
 sampun mapag hing lampahe
Wali kali angatoraken serat punika.

Dereng winaos ingkang serat punika
wus uninga
hing sawirasaning tulis
Wali kali sampun aniti iku kilan.

Malah prapta dalem Surapringga pati
pinunjungan
dening Sunan Ampeldenta
mapan sampun wedi asih ing Suhunan.

Mala lami hing hana wau amungkin
wangun yasa
babalongan kineduk tengah wengi
dereng number paninjiling medal wulan.

Pan katinggal bicak-bicak ingkang siti
pangarjito
Sunan Jati kang murugi
Sareng pedek katingal rareng sapasang.

Wus cikangking hing ngasta kanan lan kiri
sampun mentas
kang Balong kabeking wari
sampun pajar aremme ingkang jamahat.

Baya subuh Sunan Ampel amedeki
dereng lisan
wus wruh Jeng Sunan Jati
bareng kang den sambat dening asta kiwa.

Sinungaken wau dateng Sunan Ori
Ampeldenta
langkung suka hing manahe
langkung nuhun kaula hing Ampeldenta.

Pan Si Beluk punika katuring Gusti
Sunan Purba
wus narima malah pamit
Sunan Jati Sunan Kali kaduluran.


Hing karsane Sunan Ampel ika taklim
dadya bakta
kukila lawan bareng siji
duk binadi oloyoli kang ning umah.

Pinaparak wau dateng Sunan Kali
kaki Bicak
krananipun saking wari
kahalape si Bicak kebeking toya.

Wonten mali gantiyan kang pinadika
Suhunan Jagapati
ing Kudus nagara
tuhu Oliya pugal
ya tur dusta, tanpa liyan kang medeki.

Arya Jipang ika kang katimabalan
temah ingkang mejahi
maha Sultan hing Demak
rehing salah hing tekad
sampun kawas kita dening
Oliya Allah
Saking Kudus nagari.

Iya kupur Demak besuk mati deng sira
estu sira dumadi
bawahing parentah
ana hing nagara Demak
Arya Jipang anangupi
pan sampun pamitan
sigra kesah hing giring.

Wadyabala samapta gagamanira
ing wanci tengah wengi
praptane hing Demak
ana barangkot nekani
kagila-gila tan kena den musuhi
lah hing kana sumalahe Sultan Demak
benca jaya mineki
dening Arya Jipang
wong sakadatong bubar.

Burak sami ngunsi urip
wane susupan
sarpin bubar angngili
apa maning Pangeran Rajanagara
maring warna aningkir
muwa Ruta Jawa
sarta putra titiga
Pangeran Agung duk maksi
titiga warsa, Pangeran Wirya nengi.

Yuswanipun satahun lan pitung wulan
Pangeran Ruju mangkin
yuswa tigang wulan
tanopen ingkang garwa
Sultan Demak agung ningkir
Putra Suhunan Purba
Ratu Ajukang linuwi.

Kisah tebah saking Demak
malah saja mantuking Gunung Jati
kocap Sunan Purba
lan Sunan Kalijaga
sakalihe angrawuhi
maring nagara
kang layon sampun binecik.

Binecik-binecik den nira Sang Arya Jipang
Wali kali anjenengi
muwa Sunan Bonang
Sunan Kudus hing rika
kang layon wus pinetekking
rolassaripa
pada anduming waris.

Sakukume Raja Barana sang Nata
anging datan kawaris warni karajahan
ika pinaringenna
maring Arya Jipang nenggi
wus hing ngistrennan
Arya Jipang dumadi.

Dalem Tumenggung pangaraning wisesa
aneng Demak nagari
rempaging Oliya
samana duking karsa
Sunan Jati ora salib
Kang mantu Sultan dingin kinarsa sahid.

Wus pariyat ingkang tata pranata
ning agama kang muslim
watek Sunan Purba
mantuk maring Cerbon kali
putra wanoja, Ratu Pangayu Dewi.

Ingkang rangda Kanjeng Sultan, ing Demak puniki
lawan nraja wawarisan
dunya brana ika
lan gamelan sukati gamelan
kawaris hing Cerbon iki
hing kukum mula
mangkana waja sawiji.

Ingkang nama Pangeran Agung binakta
Maring Cerbon nagari
katela kang nama
Pangeran Cerbon ika
dupi kang sawiji mali
Pangeran Wirya
pinupu ika dening.

Gedeng Demang anang Losari kang parnan
sangeting kinasihi
katela Pangeran Losari ingkang nama
Pangeran Ruju ana hing
kang arana uwa
Pangeran Rajan egaris.

Kali kang ibu Ratu Mas Nyawa
wonten gantining gurit
Kanjeng Sunan Bonang
mantuk ing Karamatullah
Sunan Jati Sunan Kali wus aneng kana
muwa Syeh Jagapati.

Sampun sirna sumala hing kang aseda
pinetek gunabecik
ana kang kinarsa
dening Wali titiga
putra Sunan Bonang nami
Pangeran Dipa
ing ngistrenan sayakti.


Pan jumeneng Panembahan Ratu ing Bonang
anika panata gami
ing sapraja Bonang
tan nana langganaha
ing ngarsane sangatbecik
tita wisesa dino elunrang deng Hyang Widi.

DANDANGGULA

Wonten malih kang kocapong gurit
mangka wong sabrang ngaja
kang nama Tu Bagus Pase
nengge babaktanipun.

Waja gagaman hing sangunging
prajurit kawan dasa
duking sajan nipun
arsa ngayomi wong jawa
ing ngilmune hing ngamale kang sayakti
maring Cerbon nagara.

Mangka ana karamate Sang Jati
sarawuhe wong Agung sing sabrang
dadi sirna pijangkowe
andap asor tumungkul
daja sira wekas badami
sasahat ngemumana
dateng Ratu Ayu
randaning Sultan ning Demak
kang Sinuhun dening kang osiking ngati
nuten naros kang putra.

Ratu Ayu masi mingkung nuli
dangu-dangu anderek hing karsa
kang rama hing kandikane
nabda wau hing Tubagus
anakda bawa isun iki
amba ngamal jariyah
suka laki maring bawa
mas kawine anak wadon mati sahid
Tubagus wus narima.

Rama ingiku ela angobuli
ing pinangkahe ingkang putra rama
mas kawine sakandikane
inggih rama ing mau
sampun nira sinaksenan dening
Suhunan Kalijaga
lan Pangeran Makdum
Tubagus wus aningka
jatukrama ika sedeng amutrani
istri suteja warna.

Pinarab Ratu Wanawati
langkung sihe wau kang rama
Pangeran Tubagus Pase
mala ing salaminipun
Ratubagus lajar aprapti
kesa dateng karana
titinjo praptanipun
yen kala rawuh hing sabrang
kacarita manuk pasek ika ngiring
yen wus nrawuh hing Jawa.

Manuk Pase asanak badani
lan kokobeluk Ki Dudaraga
malah sami bamine
mangkana duking temu
wonten malih kang kocap maning
Pangeran ning kajaksan
Syeh Mulana guru
tebengira mamariksa
wong kataton tan bisa aba ananing
hing waringin pitu panta.

Sampuning atra pariksade ki
pan dumeter dawuh Sang Saliyullah
dumugi maring sedah
ya tan ganti araweh
Sunan Jati lan Sunan Kali
ambeciki kang seda wus sirna kinukur
ana hing lalangan kormat
lah ing kono marmanya Sunan Jati
ajenengken kang nama.

Tanda Wari ika kang gantosi ing cepenge Pangeran Kajaksan
Mulana Magrib tandane
malah wis kasuhur
hing sapraja Kajaksan Pati
kumolko ing Pangeran
Kajaksan pangrantun
lan anjenengaken nama Janapura
cekelane-cekelane wangun picis
timah ingkang kinarya.

Ingnganggite kang Sunan Jati
lahip praja ing Cerbon nika
cepeng mikrab hari roro
Sunan Jati kalihipun
Sunan Kali hing pramilaning
Sunan Bulki jaika
sakaliji saewung
kesah maring praja liyan
Arya Makdum wau kang ngimami
ing wahu lawang Pangeran.

Ratubagus yen wonten kalaning
anang Cerbon nenggih lamon lajar
ya ta Sang Makdum adewek
wonten sanes dinapur
putra Sultan Demak kang yakti
jalu nama Pangeran
Rajanagara agung
Ing salamining agesang
Tansah masi angarah rusaking Wali
Kang ning Kudus nagara.

Ing sanggek hing ngamales puli
ingkang rama sulta Demak
yata recep pangikete
ika ta Sang Tandajupu
kang sinawitan linen hing sih
pinanji janjinira
sira Tandajupu
aja kapalang sasanakan
maring isun remanggana ambek pati
yen besuk estu ugo.

Sumerene Sunan Kudus yakti
sun wenehi sira panguwasa
apa dudune iku
aja Jipang ing Demak luwi
amasesa ing ngarat
bayane sun tanggung
ing ngadosa nganingaya
sabab Sunan Kudus amimiti
nganihaya mring liyan.

Tandajupu sakedap angingsir
cipta nirange lawan Pamajikan
ningali upah upahe
ketun sapuluh ewu
lawan janji wisesa kening
ing sakus nagara
Tandajupu sanggup.

Sunan Kudus wus uninga
saingere panakawan anisip
nanging tan sedi ing manah.
wus uninga ajale pribadi
tan ningali wau panakawan
anging yang Purba karsane
sadenging salat subuh.

Tandajupu prapta manjing
anuduking Suhunan
siweg parlu subuh
tan pasah ingkang gagaman
keris tugel kaduga Syeh Jagapari
asalam ming salat tiro.

Angandika Sunan Jagapati
yen sira rep anguntapena
patinisun sayektine
iki lo keris isun
sudukena iga kang keri
tan kelak isun pejah
dening keris isun
upama sira prajaya
lan gagaman liyan saking keris iki
ingsun mangsa matiya.

Sigra nubruk pada aglis
Tandajupu tabat sruh karuna
sumangga kaula suhun
Sunan Kudus aris mangsuli
aja samono sira
tulekena sanggup
pon karep pira priyangga
ora liyan iku karsaning Yang Wido
sira darma lumapah.

Tandajupu matur nuhun gusti
boten sanggem kula nguntapena
dumateng hing sumerenne
Gusti kula Sinuhun
sampun kringgit hing sajroning gali
sapinten nraka kula
murtad dateng guru
lahere mangsa wontena
ing ngukum
bantosse ta kados pundi
kukume hing ngakerat.

Sunan Kudus angandika malih
iya luput iku ujar ira
balik sira yen mangkono
mogoking ujar isun
ora sida sira mateni
maring sun wus nyata
naraka ing besuk
sabab lakunira bantah
maring gugu wong duraka iku pasti
duraka maring Allah.

Lah ing kono sigra mampenni
Tandajupu hing duhung Suhunan
sigra linaksanan age iga wekas sing pungkur
sampun sirna wapating Wali
udan angin diwuhan
ketug lawan lindu
silaking teteru mangkat
ya pinetek bun ecik pan sirane hing
Bersoci Astana Surya Ngalam.

Sasampuning Randajupu dadi
ing ngasrahan jeneng kautaman
Dalem Pati ing jenenge
Wisesa aneng Kudus
ing pagaman durga mandi
nan kumidep pira
miring kang prentah wahu Rajanagara
aneng Kudus ika kang angresti lewi
kina puja ing agama besar.

MEGATRUH

Pan mangkana hing Demak Dalem Tumenggung amiarsa
Sang Wali
sumerena dipun
Tandajupu kang mateni
Tumenggung Demak asolat.


Sad yang rejek mring sang Maha Pati Kudus
 ing wayah tengah wengi
kadya lampah duking wau
hing Kudus aloking jalmi
lamon tatkan barangkot.

Malah sirna pejah sangapati Kudus
Arya Rajanagara
mring Praja Pajang lumayu
angaengsi gesang nusupini Sunan Pajang duking enggon.

Pan mangkana kang jaya Pati hing Kudus
ika pitata saking
Tumenggung Demak adawu
nama Papati gaganti
neng Pati kang sirna papan.

Wonten malih carita kocaping tutur
Ratu Madapa duk dingin
tatapa ana ing Gunung
Ajar Sukarsa mangkidi
salawe tahun ing mangko.

Wus agenep salawe mangkana ayun
ing saja angluwari
mangkana kuliyang runtu
den alap ika tumuli
dinahar dumaja bobot.

Tekeng waktu babar teja warnanipun
istri tur pinarabi
Tanuran Gagang Rahayu
elus salam eting ngaurip
arupatur aman corong.

Kapirsa wau dening Raja Lahut
ing Jakerta Narpati
mangka sinengkeran sampun
arah binadeya kening
ingkang putra ya Sang Katong.

Ingkang nama Pangeran Jakerta Talutur
malah wus aneng wuri
Jakerta ika Sang Ratu
Tanuran Gagang sarehing
kang ngibu tan kangkat mogok

hing karsane wau Raja Lahut
marmaning kinawuri mamareking maring kabul
hing panedana dingin
kang ngibu maring Yang Manon.

Asring malah sang Raja Lahut arawuh
tunduk hing Cerbon nenggih
punapa dening Sinuhun
nunten Arya Sibangkingkin
kali putra jalu anom.

Lah ing kana sedaning putra
Sinuhun Jati ingkang nama
Jayakelana kinubur
ing Epung parna pinuji
narungtun tanpa gagantos.

Ki Syeh Katini Syeh Agungrimang ya mantuk
hing adamme lan maning
Pangeran kajoyorang agung
Pangeran Drajat lalis
Pan mangkana duking enggon.


Ki Syeh kantiyam sinare Kalijaga wau
Syeh Agung Rimang ana ing
Etuk Pasareyannipun
Pangeran Kajoran menggih
Kamalaka duking enggon.

Agung Gegeden samya sumeren sampun
lir pagebug nitisi
karangkendal kangrumuhun
sami seda kinarossi
gegeden sok liyaning wong.

Yen sedane maksi jumeneng Sinuhun
saenggon enggon dapeni
ora ngebon akumpul
kang wapat sami winanggon.

Kumpul ana hing Gunung Jati lainantun
kang satemene hing jalmi
ragane Sinuhun Yuyut
anaha kocaping gurit
kang tuhu Suhunan Katong.

Malah karsa amanggiyakan kang putu
sami putu kang nami
Pangeran Cerbon kaliyanipun
nama Ratu Wanawati
Tubagus putrane wadon.

Mapan ika sami dereng balegipun
saksi Susuhunan Kali
lawan Pangeran Makdum
Tubagus agosti angling
ana pikukuninging Manon.


Amba ningkahaken kang wulang ngum
Sang Ratu Wanawati
maksi wuwojang tinemu
maring wayah rama tinggi
kang nama Pangeran Cerbon.

Mas kawin duwe anak yatim tumuwu
Sunan Jati angabuli
anarimakaken isun
paningkahe putu istri
kang sing anak wadon.

Ingkang maring putu sing jalu
maskawin anduweni
anak lanang ingkang tulus
dadi yatim mangka mami
anging si kana pitumon.

Ya sampingi andua Suhunan sampun
watek bala lan santri
maca amiri sampun
tutug sinaksening wargi
ajining kangken Suhunan Katong.

Muwa Dalem Raja Lahut aneng riku
Ratu Winahun nenggi
Raja Pajajaran kumpul
anaksesni ingkang kawin
lucu titingalaning wong.


Wantu penganten kasemening umuripun
Pangeran Cerbon duganing
yuswa jekjek gangsal nahun
Ratu Wanawati dugi
yuswa tigang nahun mangko.

Duk samono pranataning Masjid Agung
imam kang siti ganti
Sunan Kali Sunan Ratu
Pangeran ing Makdum maksi
akamat cekalaning wong
Syeh Datuk Kafi ika waman aksanau
Kapindo Modin Jati
Lebe Juiman ping telu
Buyut Panjunan lan maning
Sunan Panggung namaning wong

Pangeran Janapura kaping nemipun
kang ada tengete maring
wawacan lami tumuwu
mangkana Suhunan Jati
anetepi hing Sapening gon.

Duk kang serat cacangkokhika muwus
he Sunan Sebangkingkin
lahu putu nira iku
lunga kaji sira mati
anakira pan samono.

Iya mati lawan karsaning Yang Ngagung
mula Muchamad Kapil
hing besuk jumeneng Ratu
lawan wasiyate Kanjeng Nabi
samono ungeling godong.

Kang sinurat kang godong sampun ginulung
cinakotaken mingglis
mring cangkeme Naga duhung
sigra akeris tumuli
amiber lir kaja elong.

Pan lumrap abure kad ja andaru
hing wayah tengah wengi
wus prapta panaja nipun
mara ing Banten nagari
gegering wong sakadaton.

Agung alok hing jana mastani andaru
dawuh ing Sibangkingkin
Sunan Banten kagum-kagum
dupi winaspada keris
sang Naga anyokot godong.

Pinariksa godonge akhisi kurup
tulis akonna kaji
Sunan wis tampa hing kalbu
yen erat saking kang jagi hing Cerbon Sinuhun katong.

Sunan Banten ika wis wangun wawang sul
Tulise salaka adi
Lan tulis kancan murub
Hing sacacangkoking tulis
Kang duhung mesat aganitos.

M I J I L

Lingsir wengi sang duhung aprapti
dateng Sunan Katong
tiningalang kalangkung baguse
angandika Suhunan jati
budening kumaki
niana kang takabur.

Pira lawase kita hing ngahurip
marentah bala wong mangsa teka hing duriyat kabeh
gon wisesa hing bala lit
ora liwat benjing amung
sangang turun.

Wus angandika samana atoli
Sang Suhunan Katong
dan sidakep hing siti sumare
alelemek punika ronning
rudamala siji
akrengulu watu.

Kang mi\oes taka ngetan ngujurre baris
dadi mungguh kulon
kja salat hing ngupamane
wanci sahur Suhunan Jati
wapat anjegjegi
umur satus punjul.

Rong puluh tahun mangkana nenggi
Sunan Kali gatos
wawara hing sanak wargane kabeh
lamon ika Suhunan Jati
sumala hing ardi
gen kentaki kang luhung.

Mangkat gumuruh kang jagat asisip
kayon pada rontog
sasatowan pada muni kabeh
kad ja toya anmbur atrih
kang swara gumuruh gangi
ketug lawan lindu.

Sila karikil pada gumatik
Bumi anggerem anggembor
yasang Gunung jumegus swarane
ya gumen jrang kumandanging langit
Srangenge amuni
gumarangsang nguwung.

Lir ta dening panangising Ejin
jajahan alok
pan gumuruh ika ing tasbeke malaikat ika medaki
saking ngara hing langit
maring puncaking Gunung.

Ing kang wayah linajar reken age
kKesah kaji binaktani
pasangu lang janji
mampir sajan jujug.

Dateng Mesis aminta kasih
pan Sultan hing kono
maring rayat iku satemene
tuturra kanda kang sejakti
lawan iki bukti
tanda rama lan Sinuhun.

Ingkang aneng godong kang tanta aking
lahiku ing kono
pinto kena ing tanpa ngandelle
Sultan Mesis hing Sireki
minta apa aparing
pusaka ning luhung.

Pangeran Muchamad atampi
pitung kasseng gantos
pan anembah sigra mit mangke
sarta godong kang tanpa lum aking
binakta akaji
kocapa hing pungkur.

Gih Pangeran Muchamad atampi
ganta tahun mangko
wau Sunan Banten sumeren
dadi manggung ika angantosi
ingkang kesah kaji
ingkang ngadeg Ratu.

Kocap dalem Jajaketra talu turu
kang jumeneng ngadeg marpati
diparagab maring
ingkang warna Ratu.

Tunuran gagang mamaning Putri
arsa sapaturan
nunten miyos agni sing bagane
maha dalem wis wandane aguling
kalawan Sang Putri
gyuwane satuhu.

Mangkana ngucapa lah iki Sang Putri
ayu tanpo dono
mung cuwane tan guna gantine
saban asa isung guling
medal saking parji
agni ingkang murub.

Ing marmane Tanuran gagang kasesi
cipta kaning uwong
tan takanggung tan kacipta salirre
teba dinum kapanta rabi
pareng Dalem maji
hing Cerbon tumanduk.

Maring yuyut Sinuhuning Jati
nama Arya Cerbon
nembe umur sadasa jejege
Ratu Gagang tumut angiring
ika sasiswan ning
pedekkana lit tan wruh.

Kinare menan ing kana dening
Pangeran ning Cerbon
Sinuhunaken punika sukane
Dalem Jaketra dadi hing Cerbon pinundut.

S I N O M

Kocap malih Sultan Demak
kang putra Sultan Demak dingin
ana wartane yen ika karsane amales puli
kang rama duk dingin
sedane dening Tumenggung
Demak dereng samapta
wis kawarta maring Tumenggung ing Demak.

Tumenggung Demak alanglang
wataraning tengah wengi
mrajaya ing kanin binedil
sumala mangka nuli
Tumenggung Demak kang nuju
kang putra Sultan Demak
kang mangke ingkang dumadi
Panembahan Madiyun duk pinang arah.

Dening sang Tumenggung Demak
ayun malih pinejahi
supanten kasusu bubar
Panembahan ingkang ngili
maring Pajang dumadi
kawula bala kajuput
kagawa maring Demak
la hing kono purwa kaning
Ki Tumenggung mas huri yen anjalok etang.

Singa-singa hing nagara
binarang kot pinalu hing
marmane Sunan hing Pajang
darbe sembara hing mangkin
sapa ingkang nguntapi ing
Tumenggung Demak iku
pasti pada kang nagari
lawan alas Mataram geneng nagara.


Malah agung para Nata Bupati manca nagari
tanopen kang bidak nrama
kang sami agenging agati
hika kang saja angarah ing
patine Dalem Tumenggung
supayane Dalem Demak
sato mara sato mati
jalma mara jalma mati tanpa sala.

Guna telu lan tragnyana
upas tan nana mandeni
ingkang samya angarah
ana wadag ana demit
lir ing demit upasi
yen wadag subawang nglurug
prandene ora nana
kang nemu dalaning pati
engganira Tumenggung bawa ing Demak.

Ana dening kabisanira Sinapati maring alit
maring sanak maring liyan
jar dingine olih idin saking Suhunan Kali
marmane ika Sang Ratu
abawa kaduluran
sahinggake kang pinambabrih
ya wong Cerbon malah asring so bawa sanja
lan ta mahune pisan.

Dalem Jaketra kang nelir
pan samono lamon den gawaha nendra
mangka pinonta pininta
deng Riya Cerbon nulya glis
sinungaken pang mangkana
lamon ayun kinarepi.

Sunan Mataram angling
gih boten kenging hing ngingu
samademing wontena
mumulu mata balasi
samaptanana lamon dinuking saja.

Sunan Kali angandika wong mamaceni
yen ora kalawan dosa
aloing si dollen tumuli
ming juragan Walandi
ingkang arep layar iku
mangka sapakoning Wali
Ratu Gagang ing ngedol dening Raja Walanda.

Tinuku bedil titiga
ageng mariyem warnining
bedil ingkang sajambangan
bolonge duk winastani
pun sapujagat iki
wau hing paparabipun
tetep aneng Mataram
dupi kang alit Satonimi
wastanira ika kang pinagari gena.

Hing Cerbon ika nagara
dupi si Pameleng kang nami
si Hamuk wastaning sandawa
kang ing ngaturaken sandawa
kang ing ngaturaken dening
maring Jaketra puri
milaning binagi telu
sabab Tanuren Gagang
wong tetelu kang miraosi
kaga duwan Tanuran Gagang kang nama.

Binakta nusa Walanda
ganti gumanti metetti
sang Raja bangsa Walanda
supaya kacuwan dening
namala metu geni
Raja ngakal diwasa
wastaning papantan Inggris
dupi medal geni hing ngusapan karam.

Pukang wulang atemahan
tawa kadi saporanti
dadi kena jakagawa
turun teleren anitis
marena ika wonten sing ning
sapanta Inggris tumurun
turun ming ngakir mangsa
ika iku puwa kaning
duking dingin panedane Ratu Madapa.

ASMARADANA

Wrnanen kang kesah kaji
wus tutug ing saja nira
pecapen sapamedeke
ana hing Mesir nagara
sampun  atra kang kanda
sarta srat wusing ngatur
dateng Kanjeng maha Sultan.

Ana hing nagara Mesir
nutug gonira pracaya
kabuktening srat godong
dening tanpa aking ika
hing ngandel lamon ika
Sayid Bulkika kang wangun
narmane oliyah Allah.

Malah sampun pinaringi
ika Pangeran Mochamad
kang Pusaka rasukane
Rasulullah dingin nira
lan kinarilan dadya
Jeneng Sultan bawa Ratu
ana hing Banteng nagara.

Sampun ning lami tumuli
dinulurang hing pamitan
malah wus layar lampahe
duk aneng tengah sagara
mangka ana susulan
wajir saking Mesir muwus
Sultan Jawa Tuwan wakap.

Amba pinutus hing Gusti
ambakta punaing Rasukan
kang mungel wau pawewe
lamon suka iku Tuwan
lini ronan kalawan
Rasukan Pusaka Ratu
Banisrail mapan tunggal.

Punika luluhur aji
Sultan kaji ika nabda
he wajir iku samono
manura hing kanjeng rama
isun kalimat pisan
anuhunaken bebendu
prakara iki Rasukan.

Idep-idep rama paring maring ngisun kaureipan
tekang anak putu kabeh
telung kanjeng rama ika
mapan agung pusaka
ora babeh baju
sang Wajir wau pamitan.

Dupi matur ika maring
Sultan Mesir yen Rasukan
dados boten lilane
panuhune putra Tuwan
hing paparing punika
bab prakawis inggih baju
boten suka kalintonan
mangkana Sultan ning Mesir kalangkung nalangsa nira
kantaka sira Sang Katong
anulya wonten kang swara
he Sultan Mesir dan sira
aja ta hing gegetun
pan iku pakarepan nira.

Mangkana Sultan ning Mesir
mapan Sultan benjing pasti
alaye jaluk pusaka
kalawan rong prakarane
besuk uga kang rasukan
balik maning hing benjang
ing duriyat tira besuk
tinembe maning kagema.

Jeneke Rasukan Nabi
ana hing Banten nagara
pitung turunan watese
toli balik maring ngarab
Banten sirna parentah
apes kajara ing dudu
wus tutuh ujiring swara.

Sultan Mesir wonge aglis
suka rila asrah manah
kocap Sultan Banten lire
wus rawuh nagara nira
kali sobawanira
pepacara ingkang langkung
adi aeng sarta nira.

Gawok ingkang nganingah
wahu dateng Gusti Sultan
kawula liwat sukane
agung wong sanak asanja
anungsung ing purwaka
sarwi angucap bagja Sang Prabu
Jumeneng Sultan kang nama.

Dupi ana memelingi
hing prahu kapal
ana swara abane
kadi kidung ing gamelan
ika pribasa nira
Sultan Banten aja tungkul
anunggoni maring gesang.

Kita hing ngurip punika
hing ngulantan dening bala
tinemu lan panyakit kabeh
wus sing lara ing ngolatan
dening pati ta sira
anak putu nira
jumeneng Ratu
tedak pitu tuli rusak.

Parentahe maring ngalit
karana ana kanag mawa
agawe karusakane
pan anak putu kang darma
anglakoni mangkana wong tuwa kang murwa mangun
kaceda ning
wong Talaga.

Ratu Madapa kang mandi
pandeo ene maring Dewa
sakala saking mantepe
ya iku pan sirn nira
kapusakan gaib musna
wikan enggen puruggipun
pan tunggaling kang Pusaka.

Keris Naga musna gaib
tanpa paran iku tanda
duriyat Sinuhun Katong
tan pajowa watek walaka
ya ika kala samana mula aja girang-girang ...........
sira dakaburing manah.

Sultan Banten ka konngsi
pitung dalu pitung dina
tan karsa dahar go elinge
sangeting kang tan winulat
medaling lesu lupa lumampah kadi tan kadug
ambakta sariranira.

Lami-lami ika toli
languning kidung swara
den niket rinakete
di namet cipta gamel lan
Denggung Rujung paparabe
Wonten ganti ning carita
aneng Cerbon nagara
Tubagus Pase Agung
ningali jalma sumala.

Sunan Panggung ingkang nami sumala ora kajamak
ngadeg mentang mengkang kelek
nyekel biti lati kadya
greget bramatya
mata mandelik maringut
kang mrigali sami heran.

Den prawasa kadi wesi
keker kukuh ora kena
den nalapi hing majite
werengkeng wangkeng tan kena
silih ganti manungsa
kang sami arsa anjungjung
supaya mayit tan kena.

Kalisani kang sami mambrih
pinetek kaliyu parna
dan Sang Tubagus Pase
ngandika lamon anaha
Suhunan Kalijaga
tan wande isun matur
supaya aneng Mataram.

Cep kendel kang wau angling
rawuh Sunan Kalijaga
enggal ngandika wiyose
boking ngapa wongsumala
kang bener aja mangkana-mangkana
ala dinulu mangkana majid kaya saban.

Sidakep sare meremi
wus sinocekaken ika
pina tak anang hing kono
nulya Syeh Datuk Sirna
pinetek Gunung Jati wetan
pan kala nurongtun
Modin Jati pan sumala.

Ora lawas iku mati
Pangeran Tandawariga
tumuli ika ginantos
kaponakane Pangeran
tandawariga daja
kang jenengan Tandajupu
kinanjeneng nama Pangeran.

Purwane Badiman dadi
acepang kanimat Jomuah
pasarog wedi Ki Lebe
Juriman lan panta kadar
innallaha Syeh Kadam
cekel Cis Kadamjumunu
kalawan Kadamjalila.

Pada marbot lan Ketib
lan panta sabatur rira
wong patangpuluh bature
wondening jana pura ika
wis mari cekel adan
Buyut Panjunan wus mantun
sumawonan werutanda.

Sunan Kali ika nuli
ora karsa ngimana
amung Ratu Bagus Pase
lawan Pangeran Makdum ika
silih ganti ing kana
watek Patih ya wis saewung
Pati Keling Patih Kering.

K I N A N T I

Pangaran Cerbon duk umur
telulas lan pitung sasi
ika metengaken Emban
ingkang nama Adumanis
asal Talaga punika
Pangeran Makdum aturing.

Sunan Kali lah punika
sadiwegi kahasrih jomenenga sembahan
sanajana dereng dugi
ingkale tahun lima las
langipe badbelas musim.

Kandi dening sampun lurud
punika sala sanunggil
tetangerin baleg yuswa
atawa tumuli ngimpi
sarta kurud sarta kelar
wus puputra kakali.

Mih ngajengan tetalu
Sunan Kali tan rempagi
dumadi dereng kaangkat
ganta dina ika toli
Pangeran Cerbon sumala
sinare wonten kamuning.

Katela luning pamuwus
Pangeran Sedangkamuning
tilar garwa duk garbana
ika Ratu Wanawati
ingkang bobot sangang wulan
ganta dina noleya lahir.

Putra jala jatma jalu
kang ibu sumeren dening
wewedi kabaya-baya
prayayi yuswa sawengi
kang ibu tumoli tilar
kang putra salamet hurip.

Kang pinaraban tumuwu
Pangeran Agung duk nami
ya iku kang winawayang
sesembahan hing andasi
dupi ingkang sing Ampiyan
pinarabkan ingkang mami.

Pangeran Sukagung
iku kang den pupu dening
Gedeng Wandahaji ika
iung Gebang mengko nagari
Pangeran Wirasutaka
kaelun ingkang mastani.

Pangeran Gebang tumulus
kinasiyan hing samantri
ana ing Gebang kang prenah
dupi lamining ngalami
Sunan Kali pancawagawa
kalawan kang garwa nyai.

Udiolun wastanipun
nalika Suhunan Kali
tatamuwan wong Mataram Sunan Kali animbali
hing garwa kon susuguwa
angunduana cicipir.

Kang garwa wada angasruh
anata kacang cicipir
nembe mandur wingi enjang
apane kang den unduhi
Sunan Kali miyos unduhi
teka ora den turuti.

Bae hing sapakon nisun
sigra kesah Nyai Undi
lang kung dening gawokira
aningali wo cicipir
kacang atub kaya rebah
aglis nyunyuguhi Nyai.

Sedeng tatamo wus mantuk
ana wong ngeber ngampiri
ambakta sinjang akatah
Nyai Undi ngasi-yasi
maring Sunan Kalijaga
malampa den welas sasih.

Tinambassaken sasampur
Sunan Kali Andaya
karamating Insan kamil
tan dangu jinising arta
anulya aglis bayari.

Ing sare gining sasampur
wis sampurna den picisi
Nyai Undi mesem nabda
punika satunggal nabda
sinjang  bade tapi kula
sampun kapambeng paparing
Sunan Kali nabda assruh
wong apa ta sira iki.
enjar-enjor yen rarasan
ing mave ujare siji
nurutana napsu nira
mangsa wis sewt siji.

Yen sira samono iku
pinasti tan bareng maning
lawan isun sira pisah
sarwi kesah kali ecis
mring ngetan hing purugira
kang garwa tininggal kari.

Tan lami kang garwa lampus
ganta dina angemassi
sirane hing Kalijaga
kocap Ratu Bagus mangkin
kesah layar lampahira
dupi kang sami ngimami.

Hing Cerbon Masigit Agung
Pangeran Makdum Kabir
Pangeran Agung duk yuswa
padbelas tahun tumuli
Pangeran Makdum sumala
sinare hing Makdum adi.

Mangka imame sareju
Pangeran Agung pribadi
naban-naban salat Jumuah
ya kutbah ya ngimami
juru komat Syeh Badiman
sorog wedi para santri.

Lami-lamining tumuwuh
ganta sasih ika tolih
ana Mrebot jaruman
purwa sing wetan angabdi
hing Pangeran Ageng mala
salamine kinadasi
Pangeran Agung den yakti
Ki Jaruman timbalana
Ing salat Jumuah ngimami.

Malaka lampah tinudu
Marbot Jaruman pinardi
aturegi nuhun pisan
inggih tan bisa ngimami
pinaksan sigrah kalampah
Jaruman ika wus takbir.

Wus takbir mulya dangu
ora muni ura ngecap
ngadep sarira lis tosan
ora na ketung katoli
ora rukuk ora maca
dupi hing ngati kalanti.

Pangeran Ageng agupuh
anjuluri angimami
wus lunta kang salat iki
sampun bakda ika tolih
marbot ginuga tan kena
alot wangkeng kadi wesi.

Pendah Jumuah masih nunggu
Arya Ageng angimami
tumuli sakala ika
marbot rukuk sujud mgiring
bakda nolih pinrasila
katrapan kuhummian yakti.

Matur marbot kalangkung nuhun
duka dalem andawuhi
syarat kukum kasangga
saking wau ga punapi
atur kawula tan bisa
arandene sumangga pati.

Pangeran ageng agupuh
animbali wangun geni
 ning alun-alun mangkana
sing lohor teka hing magrib
marbot ing ngobong punika
arandene waluya jati.

Kang geni asedeng surut
Ki Marbot katinggal maksi
jisime jati waluya
Ratubagus amarengi wau
rawuh saking sabrang
sareng pinariksa geni.

Maido mmaring kang putu
kenang ngapa baya kiyai
iku mama yuyut tira sira
tumang lawan geni
den gelis sira secaha
sira wani maring Wali.

Bok sira tan weruh kacung
iku si Kaki Sunan Kali
mung kari kuwan Oliya
ning negara Jawa iki
tan nana roro titiga
si kaki kaguming ngati.

P A N G K U R

Pangeran Agung anabda
saestuning lepat kula kaki
karanten sawahunipun
nami Marbot Juruman
ngabdi lami dateng kaula puniku
ing wengi Jumuah nyupena
wonten raga anjateni.

Marbot Juruman punika
ken ngimami dalah kalampah mangkin
sareng atakbirpunika
kendel tanpa wangenan
gih kaole kalampah suloan imamipun
dupi wus bakda ginuga
prandene lir tugu wesi.

Kadodoran rukuk salam
sareng pendake hing Jumuah malih
rukuk sujud saoteh makmum
dateng ing salat kula
hina soteh kaula dening sawahe
punika boteno kersa
kaula paksa ngimami.

Inggih nuhun palamarta
mama yuyut kaula boten uning
lamon uninga hing tembung
kula tolih mangkana
sampuning ngangken kaula yuyut Sinuhun
Sunan Kali wus anyeber
nahap yaiku purwaning.

Yen ana wong slat Jumuah
yen tan bener iku kukuman pasti
lan ana carita kawuwus
ana marbot kang dumadya
angunggahi hing sabawa aluhung
dadi Wali tur utama
murud sigra Sunan Kali.

Sareng lan Tubagus ika
iwa bala andadekaken mangkin
sesembahan hing tumuwu
malah wus hing ngestrenan
Pangeran Agung ya Cerbon pan wis mashur
Panembahan Ratu ika
ana hing Cerbon nagari.

Mangka Sunan Kalijaga
salirane sing Cerbon nulya mampir
maring Gebang kang dinuju
hing yuyut Kanjeng Suhunan
sing ngampiyan nenggeh wave jenengipun
Pangeran Prawirasuta
hing manco jinujung Adi.

Katela Dalem mring Gebang
sampun lunta lampahe lastari
mapan mangkana hing laku
anurut wayah Suhunan
 inmgkang saking putra Demang kang wulangan
Pangeran Wiryarayana
hing mangkone wus linerih.

Ing kukuman arempagan
serta bidak bandu aneng Losari
Pangeran ika tumuwuh
jumeneng sesenibahan
Panembahan Losari duk masuhur
sampuning kadya mangkana
Ratubagus hing salami.

Sampuna sekeca hing manah
ingkang kantun sakarsa-karsa pribadi
hing layar rawuhing laku
sabab wus karumasa
amakili hing sasirnane Sinuhun
wus kagem dewek dening kang wayah
Panembahan Aji.

Hing smangke samantukira
Sunan Kali maring Cerbon asakit
prenah anang Dalem Agung
panganglune mustaka
kang tutunggu santri wali wulangun
Ki Memek lan Ki Cengal
dupi Panembahan Haji.

Tan karsa anglinggi ana
Dalem Agung kalampah asipat malih
menggihing kilen winangun
purasparek hing kana
emeh dadi siji lawan dalem Agung
lan reka idering kuta
sami ambane paragi.

Kuta gedeng Pakiringan
ya kajawi saking kitakilening adi
pangetaning kuta nurut
pinggir kikisik mangkana
salin bawa hinmg kana siptage Ratu
beda dingin kang Suhunan
wantuning Wali sajati.

Salamining tan curiga
maring muduh dening wedos pribadi
yen ana kang ngarah luput
koijahe Pati Kalang
mangkana Sunan Kali sangeting panganglu
wapat mangka panakawan
kang tunggu ngaturi uning.

Dateng Panembahan Nata
inggih Gusti Yuyut Dalem punika lalis
dupi Panembahan rawuh
amriksa layon tan nana
hing genahe mau mung kari rurub
dumadi kang pineteka
iku rurub tatambah sepi.

Sinare wetaning mikrab
Masjid Agung kang rurub sampun lastari
pinetek ana hing riku
kang tembe wewehan
kutaning mikrab ingkang manjongol muncul
jajantung dadi katenga
dingine ana hing pinggir.

Tutuge sinerat malem Kamis sasih Jumalawah, tanggal 30 tahun Be Hijrah puniki nyerat angsale Surengrana, puniki wawaosan sejarah Wali, saking wiwitan dugi ing wekasan, dumugi dateng Sultan Kasepuhan, Kanoman Penembahan, Kacarbonan nuli tutuge, teka ing akire pisan.

BAGIAN II
DANDANGGULA

Warnanen inkang winuri-wuri
Jeng Suhunan Jati ingkang tadak
ingkang mrena aneng Cerbon
sinerat saking luhur
martabate agung kang Wali
ya Syeh Wali Akbar
sinebet Sinuhun
duk gagarwa jajaka lara
Nyi Mas Babadan gabug boka mutrani
takdir Allah tanggala.

Dupi garwa ingkang amutrani
Nyai Rarapi putranira
Syeh Datuk kapi namane
kakalih putranipun
kang satunggal den paparabi.

Pangeran Jakalan
kang sinebat
Pangeran Sedanglautan
kang sirane hing Mundu lan Ibuneki
Rarapi pon ning kana
boya wonten tadakaning wuri
dupi kang mrenah hing tedakanira
punika kang miyos
saking Pajajaran wau.

Kawunganten ingkang mutrani
istri ingkang namne senebut
Ratu winaon kang krama
wong Agung Sabrang Pangeran Atsangin
marenah hing putranira.

Ratu winaonika angadeni
Pangeran Sebangkingkin ika
kang mrenah ka Sultanan kulon
hing Banten Prajanipun
dupi garwa Sinuhun Jati
ingkang saking Mahostikta
putra Tepas nenggung
istri nami Ratu Ayu ingkang krami
wong agung saking Sabrang
Ratubagus Pase kang pranami
amarena agung prasutanira
 ika Jeng Ratu Ayu
anggadeni ika kang nami
Pangeran P)asareyan
iku kang niro eruh
wiwinihing ka Sultanan
ingkang ana hing Cerbon ika turuning
Sarip Hidayatullah.

Ika syid Syeh Akbar kang dadi
kang jumeneg Ratu hing pakujan
iya dening pangangkate  wong somas iya iku
kula warga Panjunan yakti
Jeng Pangeran Panjunan
purwa kala rawuh
kalih rayi Rara Bagdad
apa dening kang rayi Syeh Datuk Kapi
sarta kawula bala.

Angrong atus sawidak siki
punjul nenem balanya kang tiga
ya jejeg domas jumlahe
punjul siji ing  ngitung
maring Jeng Pangeran dadi
samya golong Jamah
maring Jang Sinuhun
sarupaning kula warga
agung alit sadaya den imponi
denira Jeng Suhunan.

Den mumuli hing ngageng kang ngati
sinung nama gegeden sadaya
waneh kapatiyan mangke
maneh ingkang Tumenggung
ana ingkang lunggung Dipati
pon kawula warga
panjunan kang riyung
hing sajenggere Suhunan
ngadegaken agama Islam Pakungwati
menggeh duk ing ngistrenan
Jeng Sinuhun duk jumeneng Narpati
hing ngistrenan anang Cerbon Girang
wilayat panjunan muleh
aken tuwu tahayu
amangunaken ika sapuri
dalem Agung pakudyan
miwah pintu-pintu
kantaning pintu sayastra
kilu garba kita Dalem Pakungwati
pangrengganing Panjunan.

Dupi kita Cerbon kang ngubengi
saking gotaka kasoneyan
ngulon mengku Palosaren
alunta mung ngaliripun
pakiringan ngetan  dumugi
gotaka Jagabayan
natas ngetanipun miminggir Kali Pabeyan
ngidul tepung kuta nagara Pakungwati
pangrenggan ning wong Demak.

Apa dening hing pasang pasuting
lemah duwur ngalun nalun miwah
pasar miwah sabandare
ingkang suka malebu
hing katandan miwa marga-margi
punika Sultan Demak
ngabakti hing Guru
amangunaken kang gadang
Astana geng tukang asal Majapahit
Raden Sepet agunia.

Guna karya kuta samaptaning
kenek kipun limang atus sawidak
 sing Demak amuleh Cerbon
salanggahe Sinuhun
malah ika Putri ngadanti
ingkang nami Ratu Nyawa
katur hing Sinuhun
kinarya mantu punika
pinanggih yaken kalayan putra Cerbon nami
Pangeran Pasareyan.

Lami-lamining ajatukrami
nuli hika miyosaken putra
nenem katahe putrane
sawiji hing namanipun
Raden Kastriyan kang nami
agarwa ing Ptaja Tuban
ping kalihe iku
hing Losari jumeneng Panembahan Losari
Ratu kakadiyasa.

 S I N O M

Ya iku kang langkung guna
kacarita ukur ruku beras saelas kinarya
gajah sakandange dadi
tarkadang kayu jati
den tyekap babar pisan
kaliogane wau dumadi
pun ukiran karsane kang mangun guna.

Aja salah samya ingkang
jeneng Pangeran Losari
dudu kang den petek ana
hing palosaren sayakti
dupi ingkang sinare hing
palosaren kang saestu
pan kulawarga Panjunan
kang dingi dipun wastani
Pangeran Beken santananing Panjunan.


Dingine awangun karya
ababak tanah Losari
iya iku kang amurwa
mila kasebut nami
Pangeran Losari mashur
anut namaning yasa
nami Pangeran Losari
dupi wapat Pangeran Reken punika.

Dupi lininggihyan
hing Panembahan Losari
ingkang wayah Susunan
ingkang jumeneng Losari
meng sapanjeneng lalis
tan luntah mantrtaning Ratu
kaping telune putra
hing Pasareyan kang nami
Pangeran Dipati Cerbon kang sawarga.

Sadangkamuning teleran
Raja Wali Sunan jati
ingkang tumuwu marena
ana hing Cerbon nagari
wiwini mantra Kaji
aneng Cerbon gelaripun
kaping patipun putra
Pasareyan ingkang istri
nami Ratu Mas kang akrama aneng Tuban.

Ping limane Ratu Mas kang akrama Tubagus adi
nagara mangke jajahan
Banten tunggil kulo wargi
Panjunan hing ngrasri
kaping nem kang putra iku
Pasareyan kang nama.

Pangeran waruju adi
pan mangkana jumeneng Pangeran Sadakajeman
Sindangkamuning punika
ginadang linggih Narpati
 sasirnane Jeng Susunan
mila alungguh Dipati
sampuni ika akrami
putranipun Ratu Ayu
ingkang namining wanodya
nami Ratu Wanawati
apuputra titiga nenggeh kang nama.

Ratu Sewu kang wanodya
dupi kang jaler anami
Pangeran Mas iya ika
ingkang atampi nagari
saking kang yuyut Aji
jeneng Panembahan Ratu
ing Cerbon sabab ika
kang rama Sidangkamuning
sumerene rumihin swarga Suhunann.

Apa dene ingkang eyang
wau Pangeran Pasareyan
pon inggih seda rumiyin
swargane Sunan Jati
pramila tampi mring yuyut
kang wino iri duriyat
hing nagara Pakungwati
kuta Cerbon masih genggeng manggeng barkah.

Dupi kang raya Panembahan
kang nami Pangeran Manis
dupi raka sing ngampeyan
punika sinung lilinggih
hing Gebang Ratu kakadi
sinebut hing namanipun
Jeng Arya Wirasuta
tambak prawira matawis
sinung cangkok Jawa gunung Pagebangan.

Lan Dramayu kinen siba
hing gebang nyangkoka maring
Jeng Pangeran Wirasuta
dugiya salami-lami
cinarita hing gurit
Kanjeng Panembahan Ratu
Hing Cerbon mangku reja
Sasirnane Sunan Jati
Angsal krama Putri sing nagara Pajang.

Putrinipun Sultan Pajang nenggeh ikang akakasih
Ratu Mas Gulamporaras
Prameswari Pakungwati
Panembahan Pakungwati
pon nenem hing putrinipun
nenggeh ingkang anama
Pangeran Sedangbalimbing
lan Pangeran Arya Kidul kang laksana.

Laksana andikep macan
dipun kempit kdi kucing
lan malih putra nata
ingkang kasebat hinmg nami
Pangeran Wiri nagari
lan istri ingkang winalangan
Ratu Ranamanggala
katela namaning laki
krana iku Pangeran Ranamanggala
putraning Sedanggaruda.

Sendanggaruda iku putraning Pangeran Ageng kaputran
hing Ratu Ayu putraning
Sunan jati kang laki
Ratubagus Pase wau
ketang tunggal teleran
ping limane putra Aji
Panembahan ratu kang wina yang harja.

Lininggihaken ning nama
Kanjeng Pangeran Dipati
Carbon ingkang Sedanggayam
mila lininggih Dipati
krana bade nyuluri
Panembahan sirnanipun
supados takdirullah
datan kena hing ngowahi
enggal-enggal somala he Sedanggayam.

Tilar putra kalih nunggal
ingkang istri Ratu Putri ingkang jaler Pangeran Putra
ya iku kang gadang benjing
nyuluri salinggihing
heyang Panembahan Ratu nenggih
dupi putra pamekas
Panembahan Ratu nenggih
istri Ratu Aingawaningyun kang nama.

K I N A N T I

Awit Panembahan ratu
hing Carbon anyanyuluri
wilayat yuyut suhunan
martabati saking dingin
duk wangsite wali inkang
nabda hing Ki Karawang becik.

Geweneng wates lah iku sing Karawang ngulon dadi
Ki Mas banten amurbaha
sing Karawang ngetan dadi
Ki Mas Carbon Misesaha
Pusakaning Raja wali.

Lah iku marmitanipun
Panembahan Pakungwati
sumuhud datan langgana
hing Banten mangkana ugi.

Panembahana Surasowan
tan seja langganeng wisik
ora kaya kapisandung
wong Mataram ngaru kapti
kumudu sanusa Jawa
kinen tiba hing Matawis
wong Cerbon wong Banten ika
den pardi hing saban warsi.

Sesebaning para Ratu
naban Mulud ming Matawis
Sunan Mataram amburak
pala karta Raja wali
kang jeneng Ratu punika
yen boten idin Matawis.

Dupi Cerbon seja anut
aseba dateng Matawis
estuning manah sukuran
tan nan liyan kang kahesti
anging Sunan Kalijaga
kang ngahubi hing Matawis.

Mangkana pangidepipun
Panembahan Pakungwati
marmaning salamet lenggah
sirna ingkang girirusit
barkah hing manah sukuran
Yang Widi kang anduluri.

Dupi Banten datan hanut
hing palakarta Matawis
atilan manah sukuran
kaduga dipun perangi
wadya bala sing Mataram
aprang ya hing Banten nagari.

Lah iku marmitanipun
Panembahan Banten lalis
kaetang seda hing rana
mila katela hing nami
Panembahan Sedangrana
dupi kang putra lumari.

Nani Pangeran Kanantun
paladra lunta kaji
maring Baitullah yaika
besuk abalike saking
Mekah nuli ngadeg Sultan
angsal idin saking Ngarbi.

Dupi samangke atumpur
hing Banten tan nana Aji
wonten malih kang kocap
hing nagara Banakeling
santrine ya Syeh Lemahbang
andabeni mana sulit.

Sadyane angaru biru
maring Ratu Pakungwati
nenggeh ika kang paparab
Datuk parduk sugi sakti
ategu nala wikrama
sampun satata dedemit.

Mulane sadya angaru
dumeh gurune alalis
wong Carbong kang amrajaya, seja mangke angayono
dennya jajal tanpa rowang ngediraken raga sakti.

Hestu tegor gumaludung, tan nana braja nedasi
pareng nalika samana
Panembahan Pakungwati
karsa ngujung hing Astana
upacara dipun wangking.


Marapit miwah panglonjor
iku kacarita kongsi
pupucuking upacara
wus nganjik ana hing margi
bebeneran Wringin Jembrak.

Panembahan dereng mijil
ora ganti datubarul
angadeg amalangkerik
angadangi upacara
aneng tengah-tengah margi
gegering kawula bala
yen ana digja ngranohi.

Siningkeraken tanpurun
ya si wong nadya ngayoni
pacek wesi malang dalan
wangkeng kadi tungga wesi
gegering kawula bala
yen ana digja ngranohi.

Para kapetengan umyung
alok lamon nemu kardi
umrengging geger genturan
kapiarsa hing Sang Aji
apariksa ana apa
ing ngarep pating barigi.

Kajineman aturipun
wonten tiyang malang mungkir
angngambengi lampah nata
siningkir tan arso ningkir
pateng janget kadi tosan
wangkeng pacek wonten siti.

Panembahan adan ngulung
ngakeng duhung wus tinampi
dening Lura Kapetengan
tan na dangu ika nuli
duhung masih wawarangka
sinudukaken tumuli.

Hing jasmanine Datukpardun
mati ngadeg tanpa kaning
opyak lamon nyata pejah
dan tinampakaken aglis
Lebe Yusup kang kinarsa
amulasare kang mayit.

Panembahan lusita sampun
dateng Astana lastari
akocap ika kurnapa
kinubur witaning margi
tan suwe diragenak ana
hing marga kadi duk uni
datan ana bentinipun
kalayan jaman Susunan.

Yen nuju riyaya kecil
anna hing masjid nagara
dupi hing masjid riyayagungnge
ana hing Masjid Astana
masjid astana punika
kancuhe Ki Marbot Gusa.

Lawan Ki Pangulu Karawis
dupi Kanjeng Panembahan
yen nuju wulan sapar re
sami bubar seba ngetan
hing nagara Mataram
acaos hing niplal Mulud
ana hing Praja Mataram
bakda iplal nuli pamit
nabam tahun pan mangkana
narima sukur hing Manon
datan ana kara-kara
rahayu hing ngagesang
lampah pangiwa lastantun
tenem tuwuh pasawahan
apa sata Sunan Jati
mari winori-nori hing lampah
wong sasawah sakarepe
tan den pardi hing pajegnya
mangko salamet arja
panen pada atur-atur
samulung-mulunging bala.

Wong babakti tan den pardi
den umbarena hing bala
opra den petel magawe
saeling-elinging bala
kang pada tur den pupu
wong dagang ora den beya.

Sakarep-karep ping ngalit
yen gegel maring bandara
ora den pardi akehe
ora na dangdan dadalan
dangdan kali tan nana
kuta Cerbon masin kemput
pangrengganing Sultan Demak.

Kandeling kuta kadugi
kena den go jaja raunan
ngerap hing luhur kutane
saketeng hing Jagabayan
madep maring Astana
ingkang yuyut Jeng Sinuhun
dupi pintu Kasuneyan.

Ika ingkang angadepi
maring Mundu Jeng Pangeran
Sedanglaut Astanane
boborotan kulon trusan
kang maring Kalijaga
pamalaten Grenjeng Hetuk
Ki Gedeng Kagok santana.

Wetan lor boboratan ning
wong dagang parau teka
sakamya-kamya lakune
durung ana cuke beya
kang aran wong mardika
tan ana pinarding Ratu
mung sakolure priyangga.

Amung ingkang aran abdi
pangunungan dipun tata
saban tahun pakmite
saban tahun bakti nira
tan den pasti agengnya
istu Ratu Adil lullah.

Wawateking Raja Wali
ora meting pengasilan
apa satekane dewek
dagang maning yen iyaha
jajaluk lagi ora
amung kang den ruru-ruru
babakti maring Yang Sukma.

Lumu sisip pasa mending
tobate langkung nasuka
sarta lawan bratapane
atiwa-tiwa kang Eyang
Susunan Waliyullah
Kanjeng Panembahan Ratu
remaning Karamatullah.

Boya karsa nalikuri
hing rerkan Padaleman
ya sote mageng kadaton
lan amengku upacara
pangrengganing kula wadya
sing Pajajaran gumulung.

Saking sabrang kunta wiri
angurip-urip wong Jawa
Carbon kang tembe mrintese
lami-lami saya harja
lakuning kauripan
sakadar-kadar ing riku
jumeneng kang panaraga.

P A N G K U R

Melar kreta hing pakudyan
pagunungan para Kuwu kabeh ngabdi
katiti amating Ratu dupi Dalem Kuningan
waktu iku amogolle maring Ratu
tan karsa lamon ngabdiya seja angratu pribadi.

Anggepe jalma Kuningan
iya soteh mau duk sunan Jati
kita seba maring guru
dudu seba ngawula
dupi iki pan wus sirna
Buru misun apa gawe kita seba
ming Carbon den tita ngabdi.

Kawarta dateng pakujan
wong Kuningan mangkana kang pamilih
adan pinutusan gupuh
Kyai Patih Rudamada
kang kinarsa mitutur rana ujar kang alus
hing sirnaning Pajajaran
sapa ingkang anyo eluri.

Kon isep yen Carbon ingkang
dadi sulur hing pakuwan saiki
piyambake kudu manut
kartaning wong pakudyan
ya ta Pati Rurdamada hintar sampun
dumugi datang Kuningan
dawuhaken timbalan Haji.

Dupi sahuring Kajenar
Pajajaran sampun merad alalis
tan wonten pitungkasipun
lampahing Karajahan
angajawi idep kita wong ngaruru
samangke guru wis asirna
apane kang den bakteni.

Dan ki Patih Rudamada
bebet Panjunan tan kena myarsa angling
pedes swara nulya timbul
ing ngaji dadak sara
menyat ngandak-nyandak Arya Kuningan den dubruk
ora kayane Ki Arya washita hing suraweri.

Anyebrak lan jalan sutra
temah lumpuh Rudamada gumuling
wus pinanjara sadalu
panjarane wis kalapa
dupi dalu den wengkang punang galugu
Rudamada bisa medal
sadya nigas jangganeki.

Arya Kumining tan kaya
jaka sutra hing luhur angahubi
kang pasukane wong riku
dadya ingkang anendra
jroning jala musna datan kadulu
daya Pati Rudamada
atur uning maring gusti.

Wangsul hing Carbon asigra
matur atra saula datan kadulu
nunten Panembahan Ratu
matus Pangulunira
Ki Peki Abdullah sigra lumaku
pon lampah mangkana uga
campule tan angsal kardi.

Sampuning kadya mangkana
Panembahan karsa miyambeki
kalih tetekeng lumaku
mangking ruruku lumampah
riri jati panakawan pada nusul
keras tangginas lumajar pandene boya nututi.

Hebating kawula bala
dening gusti wus katemu alinggih kaliyan Ki arya iku
pareng dedel wiguna
Panembahan malempat anjong den buru
sigra tinawuran jala
malempat bumi agonjing.

Ki Arya kajengkang-jengkang
bawanipun kang bumi agunjing
jalanipun den tawur
Panembahan malepat
dupi ngidek bumi miring dadya iku
kajronkong krungkeb Ki Arya
pamawaning bumi miring.

Singa bumi kang kadedekan
tapakipun Gusti ingkang Pakungwati
kudu bae miring nungkul
jala sutra tan guna
ngalor ngidul tawuring jala alusud
kasele kajengkang-jengkang
krungkebe kang anjalami.

Digulon ngetan akiteran
dangu dangu jala mretel amrotoli
sareng kang jala wis rempuk
Arya Kamuning nembah
inggih sampeyan nyata suluring Ratu
dede malele Pandita
kang amurba awak aking.

Kuring gegebal sampeyan
pan sumukud sembah angabdi lahir batin
samprakawis tereh Guru inggih nyata Wali Raja
duwa prakara jala sutra inggih pupus
lah iku marganing daja
Kuningan idep angabdi.

Papak raja Panembahan
kang aminda suhud pawisik
dupi Talaga kehesru
Kapetakan pon dapake Sinuhun
Sindangkasih iya tunggal
Ki Gedeng Susukan kalih.

Gedeng Tegalgul tunggal
tunggal idin saking Suhunan Jati
dupi ika Raja Galuh
saestu tunggalira
Gedeng Sura miwah punika Anjum Nyai Gedeng
Panguragan
pon idin Sunan Jati.

Sakatiking Tapakira
iku abdi amatira Narpati
kang kamilik sumpahipun
yen laga wa asumpah
Ratu iku abdi amat iya iku
milu wilalating sumpah
hing harjaning milu mukti.

Kongang lamoni den nedola
hing Gusitne sakarsane aniti
lawan kongang dipun rungrum
dening pagustenira
kang lelegan tanpa soma
punika taliti.

Lunta hing satedak tedak
dating Ratu pasti amiris
angajaba lamon sampun
den pardika kaken nita
caca wadon lalurining ngamat iku
punggel lamin abdi lanang
rabi mardika kang yakti.

M I J I L

Ya warnanen anjenggering Pakungwati
dennya raton-raton
ya hing dunya ku wis adate
kudu warna-warna kumelip
ika Kyai Pali
teka mikir sentung.

Waktu bebet sabrang tansah mikir
manah ngilo-ngilo
Ratu Sabrang pada dagang kabeh
dupi Gusti kita ing riki
korap-koru rijiki
adan sigra matur.

Dateng Panembahan prayogi yen mangking
prayogi samangko
kawula ngintar
ken padagang gede
badi tulung gesang hing Aji
atilad tatangi
sabrang lumrah Ratu.

Sam olih padagang ing mangken
ngriki dagang uwos
nyabrangaken uwos sagedene
agung rijiki angelar bati
Panembahan Aji
dadya sira gupuh.

Beras hing wong Carbon den epaki
karunge wis awon
kampil beral andamping pinggir kikisik
kawarna yen yakti padaganging Ratu.

Nama Palidada wusing dadi
baita cu mahosora kaya iku ana kekere
cadong-cadong batok sawiji
basane yen ngemis kanggo amumuluk.

Ki Palidada sahurnya ambengis
he sidi lalocok beras uwis aneng karung genahe
ana adat yen di dodol maning
kekere pon masimaredeng anjaluk.

Ki Palidada sewot tumuli sejane anabok
dadi kerjeng tangane tan suwe
sja jejek sukune dumadi
ngingkrang datang kenging
mudun ika wau.

Palidada anjirit den tulungi
muliyi den gotong katur sira Panembahan priksane
kekerehe ana hing ngendi
lan rupane maning
kayapa rupane iku.

Ya ta matur ingkang pinariksani
kere belang kokop
suku tangan sami belang kabeh
Panembahan angandika riri
la iki Ki Pali
gotongen den gupuh.

Tekakena maring lepenjagi
kon tobat kon panor
lan gawaha bras ingkang akeh
sapuluh karung babakti mami
yata abdi-abdi tandang gupuh-gupuh.

Ki Pali den gotong aglis
sarta lawan uwos
ya sapuluh karung wus mintar kabeh
anjunjung maring lepenjagi
mring sang meha yakti
Wiku Wali Agung.

Ki Palidada tobat anangis
nuhun gesang ingong
kang pinuji aris wansukane
iya sira sun apurani
sareng sabda Wali
ingkang iku.

Adan waras Palidada kadi
duk mau dadya nor
suhun sembah lan pangabektine
wos sapuluh karung binakti
Sang Wali mangsuli
hing prakara iku.

Beras pirang pirang sira gotongi
maring arsaningngong sadya nira gawe apa mrene
Palidada nembah lingnya ris
inggih punika bakti
nipun Gusti Parabu.

Kanjeng Panembahan ing Pakungwati
kang katur samangko
dateng paduka Pandita Gede
barkah sampeyan ingkang kapundi
mungginya paganti
lahir batosipun.

Sang Wiku angandika aris
lah iku hing mangko
sun tarimah hing kabecikane
Gusti nira ananging saiki
gotongana balik
beras ira iku.

Suning kene boya anambrih
kang para samono
manga kaya Gustimu mrene
nuli saja drawaka hing ngati
dupi isun beli
yasoteh hing wau.

Ngemis beras mung sabatok cilik
go tambah layop
ora isun ngarah akeh-akeh
ya wis pada gawanana balik
ya ta ganti-ganti
kang sinabdan wangsul.

Pan wus katur hing Panembahan Aji
ya ta jeng Sang Katong
andaring ngendangu kandikane
atema aning kana angking
ya wis prakaraning
dagang iku wurung.

Aja sido wurung ngena gelas
kita aneng Carbon
ora kena dagang guna gawe
iya iku ingkang dadi wangsit
eyang Sunan Kali
aja salah tangguh.

Mangsanaha wali ingkang nisip
mangsanaha goroh
mangsa pitna sabarang gawene
ya ta Palidada tumuli
murungaken kardi
beras diun udung.

Kampil ingkang aneng pinggir kikisik
den nusung den dodol
den balaburaken hing balane kabeh
kawalatran sagunging mantri
sami asukati
hing sihe Sang Prabu.

Para Buyun samya nakseni
ken anak putu Carbon
tang kongan dagang wangsit luluhure
ya luluhure sang Raja wali
kumudu sajati
ana rimah sukur.

D U R M A

Ku harjaning Carbon watek Ratu Oliyah
tandah hing sawengi-wengi
hing masjid sowara hing tilawat parnujinya
gumuru swarane puji
kala samana Masjid Agung nunggeling.

Durung ana empere angeringanan
mura ngarep lan wuri
mawi pataka harja
parunggu sarta alancip
apa kaya dat
hing pataka hing masjid.

Ora kaya jadeng prang saking Mataram
kang nama Ki Gedeng Enis
naban tigang warsa
kinarsa langlang jagad
kinarsa mamariksani
maring Nalendra kang kabawa Matawis.

Pinariksa banggi wonten durga baya
kulilip nyalawadi
biliana Raja
bala Raja kang lirwa
maring purbaning Matawis
kala samana
ika Ki Gedeng Enis.

Duk pariksa hing Carbon amanggih harja
sarjuning puji masjid
hing dalu kawangwang
dene teka bargama
hing Carbon ngundak-kundaki
inggih mankenya
jumeneng kutub maning.

Anuruni Sang Jati sun cacak coba
ya ta hing mangsa wengi
Gedeng Enis marendah
andalahi ku baruwang
hing luhur pataka Masjid
yen mangko tawa
lah yen nyata Kutub maning.

Panakawan datan langgana hing karsa
kalayan lampah demit
tan nana uninga
durga andala baruwang
ya ta abdi sami
sapa ngakuba hing masjid panas atis.

Dadya bubar tan nana purun ngahuba
sirep kang samimuji
Gedeng Enis nyana
yen dudu Kutub Hingyang
Gedeng Enis wus lastari
lampanya kesah anjaja panagari.

Ora kaya hing Carbon sanget sangsaya
Masjid dipun tan kenging
dipun geni salat
Jeng Panembahan susah
Popoyan datang Jeng Nyai
Pangngalangalang
istri guna wit urip
Adam ika Nyai Tegal pangalangalang
nabda la ya iki
gawene wong tuwa
do emadak masi ana
Nini-nini kari siji
Jeng Panembahan
wus katingal bruwang mandi
ya ana hing pataka masjid katingal
sabda Yang Nini-nini
ujarisun apa
la ika si banuana endah si Nyai ngabili
wong wis tuwa
ora owel yen mati.

Panembahan kang ngawas wau tuminggal
saking jabaning masjid
aja melu hebang
si Nyai mengko kebang
manjing hing jara Masigit.

Jeng Panembahan ngandika iya becik
pan si Nyai manjingnga masjid pujangga
manira kang neng Jawi
ngawasakon bruwang
kang ana ing pataka
mangkana enggal Jeng Nyai
pangalangalang
lumebet asusuci.

Banyu wulu anducekaken salira
saking cadas sing jisim
sampun sinampurna
ingkang susuci badan
nunten malebet tumuli
wonten ning Bangsal.

Masjid Agung asuci
abrebresik kang nama tinja kaliwat
hing tinja ingkang kari
mungguh kang babasan
manuk mabur kang sarta
kurungan orana kari
hing tengah-tengah
hing masjid denya nunci.

Pan aseru swarane ingkang adan
asruh amemelingi
ambeledug awiyat
pamrasane kang meningi
ingkang kawengan
swarane iku Jeng Nyai.

Pareng anjit kang swara munclski bruwang
kang aneng pataka masjid
mesat hing gagana
sumembur hing ngawiyat
muksa ilang ingkang mandi
sirna sampurna
waluka kadi uni.

Kacarita baro ewang ingkang sumebar
mumerep pada manjing
maring Guwa Upas
Guwa Dalem ika tunggal
bangsa mandi lamon lalis ya makumpulan
maring sarwaning mandi.

Wus asirna sing dunya sampun apinda
maring kaanan latip
teges kang babasan
ora mati kewala
salin nagara kang latip
Jeng Panembahan
andarengen hing kapti.

Tumon wau sinare Pangalangalang
Nyai Dalem Pakungwati
dening si wanodya
sina tata Oliyah
rumasuk badan rokani
oraga sukma
karu-ru istri lecih.

M E G A T R U H

Malanipun kauni
hing pungkuripun
kubure Nyai Pakungwati
ana hing masjid Agung
dudu kubur kaya pranti
yaktine punika enggon.

Enggon sirna mungguh pameradanipun
rong prakara denya eling
ila-ila duk Sinuhun
ngukun Syeh Lemahbang dingin
wanten upata kamanton.


Ika yen wis tedak sanga anak putu
kaselang hing budi wani
kebo bule timbuk rayu
telung prakarane maning
emut duk dingin wirahos.

Wirahose Sunan Kalijaga muwus dening kobaring
Masjid
hing sapungkure Sinuhun
kaya-kaya amenangi
Panembahan duk migatos.

Patang prakara lamon wissa ingkang mau
ya bok anaha malih
pantar ingkang kaya iku nuli sapa kang nulangi
reh si Nyai sampun maot.

Ya wis ora nana ingkang dadi tunggul
tumbali wong Pakungwati
casse Panembahan Ratu
Gusti Allah ngawikani hing karsane Ratu Carbon.

Lami-lami ana sumulur arawuh
maja Jeng Wali pawestri
Nyai Gede Pancuran rawuh
putra nipun Sunan Teigading
ngumbara rawuh hing Carbon.

Pan Kalangkung minuli salenggahipun
dening Ratu Pakungwati
Kanjeng Panembahan Ratu
angabekti puji bakti
dumateng Jeng Istri kahot.

Dening Nyai Gede Pancuran sepuh
tur lampah Wali singgih
tereh hing Wali kang makbul
salaming linggih wasi
hing praja datanna enggon.

Mula-mula aneng Tuban hing dalemipun
hing Depok kang den wastani
Pancuran pramilanipun
katelah nama Jeng Nyai
Gedeng Pancuran hing kono.

Nunten pinda hing Japara kan sinebut
depoke karangkamuning
lami-lami pinda nipun
hing madura milakoni
Nyai Gedeng Sampang Boya roro.

Nulya pinda ing kajonga pinggir laut
mila katela kang nami
Gedeng Kajongan kang lihu nunten ngumbara ana hing
Pakungwati namaning gon.

Minulya-mulya dening panembahan Ratu
mila katela kang nami
susulure kang wus lampus
mila dipun wuri-wuri
kinarya tumbaling Carbon.

Saputrane sami dadalem hing riku
karang ingkang den wastane
Karang Pasardawa hulu
jaba kuta lor kang nami
karanggetas gatining wong.

Dipun karja ing panah kang dadi langun
dening Ratu Pajungwati
marmaning kaja puniku
tengane hing Carbon dadi
kalilip bancana wadon.

Iya iku kang nama Nyai Gedeng Dempul
ya angaru anak putu den niruti
seja araraton akumpul
hing desa Bakung prawani
adir-adir kang balo wong.

Saoli-oli wong tatanggane akumpul babarissab
Sawatiwis umbul-umbul waring muncul
Ngirupi bala winuri
Geger gentur ing wong Carbon.

Ya Ki patih hing Carbon kalangkung rengu
reh ika kang dadi Patih
ing waktu samono iku
Patih Rudamada sakti
dados ban nemban ning Ratu Panembahan Pakungwati
mila rengu hing borojot.

Bebet Pajunan mau Nyi gedeng Dempul
cuplak andeng-andeng iki
pramila Ki Patih mau
wus linggar anglurug maring
Bakung gogombol den tinjo.

Pan den tinjo nyata orana dinemu
pansamya bubar nyingkir
ming alas Junti anglarut
dupi iku den lurugi
hing Junti tinemu kosong.

Lincak-lincak bala Dempul genya larut
raraton ika ana hing
Kandangur dupi krungu
dening Patih Pakungwati
Rudamada dan tininjo.

Ika maring kangdangur pantinemu suwung
tegane pada babalik
hing ujung tanala iku
pada parangsawatawi
tan dangu pad amboros.

L A D R A N G

Gennya bubar angili pada aningid
hing guwa-guwa
sakedap akempal maning
yen kurang sangu iku pada bebegah

sing gampang katungkul iku den ambil
angraraja dadi geger tepis wiring
ya hing Carbon pada ngiliake nyipar.

Singlar saking prenahe angungsi puri
ya hing Carbon kuta Carbon masi kikib
ratu Carbon kang hing ngungsi hung ngauban.

Patih Rudamada miwah Mantri-mantri
amancalang
lie amburuh kidang kancil
akeh kena kang kari masih akatah.

Ingkang kena wus den asrahaken maring
Ki Katandan
kinen lamong kang rawati
hing panjara sinebut goning panjara.

Durung ana benteng durung ana bui
duk samana
pan durung ana Walandi
mung sinebut kang nyekel kanda wariga.

Pajaksane hing kajaksan pan alinggih putu nira
Ki Rudamada kang nami
Jaksa Sumirat kang andarma wacana.

Jan purwaning desa kajaksan sayakti
putra wayah
Panjunan Caruban kali
putra wayah Ki Arya Menger Kajaksan.

Arya Menger kakange mau Jeng Nyai
Nyai Pangalang
ika ingkang wus sirna lalis
Arya Menger kuwi ramane Pangeran.

Ya Pangeran Palalanon kuwi cuwan
ya kasilib
akeh nyana
yen Palangon sinenggi
lamon iku ugyan Pangeran panjunan.

Kalesanyata Palalangon kang sayakti
wong Kajaksan
ingkang duwe tunggal jati
krana Pangeran Palalangon iku nyata.

Ya putraning Pangeran ingkang nami
Arya Menger
dupi dunane kang asri
Pangeran Panjunan kardi pakirnan.

Wringin pitu kang linangawan ningsih
dukan emah
kasosetapan banting diri
dupi sumala mantuk Ardi Amparan.

Dan warnanen wargane iya Nyi Dempul
ingkang amsi
wangun geger hing nagari
saya dangu saya katah amarambah.

Kocap kena sapuluh mangka ngunculi
sewu mana wesa
kena satus amonculi
sewu mana wesa dadi jalma pan sadela.

Endas merang tinygel ika anuli
dan sinebar
dadi bala wus barketi
kawalahen polahe Ki Rudamada.

Daja matur popoyan hing Kanjeng Gusti
Panembahan amit asih ahubing
Nini-nini mau Nyai Gedeng Pancuran.

Kang dadalem
hing Pasar dawa anenggi
angandika
Nyi Gedeng Pancuran aris
putu nisun den pracaya ing Allah.

Ya si Nyai mengko kang makseni sidik
sapa-sapa
tawelak maring Yang Widi
tangtu hing mengko ana kisabing Allah tangalah.

Aja susah den lurunggi den perangi
ila-ila
hing Carbon perangnga dadi temahane ora-uru tambuhing
seja.

Hing sandenge wong Carbon perang tan dadi
mangsa sida wus ila-ila hing wali
mung salelebon hing bodo ngalatak.

Amantangub karuwan kang den ungsi
titenana
embok si Nyai akitib
dening anak putu sing amenangana.

Menangana perange wong Pakungwati
dugi binjang
teka maring jaman akir
yen mengkono bae yen perang prayuna.

Ya ta marem Panembahan ingkang pikir
muwa ika
ki Rudamada Patih
samya seja Pracaya ming Nyi Pancuran.

Samya eca-eca hing aryo puri
ora lawas
bala Dempel sugih wani
seja bedah kuta Carbon den jujuga.

Ambel sura diksura pating padigdig
edir pada atimbul bojana kulit
sugih baris iku kang bala cicip tan.

Mila angka sumeja angaroboki
pareng praptahing marga bebaneran ning
sokalila Karanggetan kasasmata.

Kang pangaru kang bala ciciptan sami
puli merang
sakeng braja wesi sami
getas marepel estoning tanpa aguna.

Ingkang bayu lesu kade den lolosi
angganira
liren gelar aneng siti
adan tandang Ki Rudamada sawakca.

Bala Dempul prasani dipun keriggi ming ngayunan kinen
tobata
prasami
sira iku aja ilok gawe dora.

Maring Ratu lah iku marganing dadi
suka lila
atining wong kang anjilib
sirna purna tan nana durha rancana.

Gedeng Dempul hing ngapura hing jati
sami bubar
mantuk maring prenah lami
datan arsa sulaya kersaning Nata.

Ya wis ten tre orana kuna-uni sirna baya
durbala ngaubing Wali
Wali Carbon ingkang wus polipuring.

P U C U N G

Wantu-wantu hing ngagesang kudu nemu ingkang
kasusahanganta
sapira lawase patang puluh wolu tahun iku ana.

Cocobaning pekir hangula kaum Masjid agung
kabarpuncaki
ingkang katunan
geni saking sabrang kidul sing walahar.

Geger kaum pan samya rinebut-rebut
Ki Lebe Duliman
tandang ngunjukaken kocor
Marbot Kamjah sabature ngerab toya.

Modin Husup sabature pada nawur
aken lemah ika mambrih ming geni matine
pan katujung para Lebe sing padedesan.

Panembahan dumulur ika sarejo
yen kawangun limas
mengkamewahan empere
sakubengi dadi surambinira.

Lan pintune kamewahan bata mempur
kinanea kang mungal
lan malih paimamame
pan ginatra dunjung hadi tanpa talaga.

Miwah jajantung tanpa pisang ingkang mungup
darapona daja
hing ngadining sasangkalane
bata mungal-mangil mangupkang sasmita.

Ya wus jengger pulih sya wu-wu abagus
luntane alempah
kawuri-wuri jatine
tapaken para Wali kang sasanga.

Menuri wuri dening anak putu
arjaning pakudyan
tilase hing luluhure
ingkang sampun sirna sampurna sukasma.

Bab hing seseban ming Mataram maski laku
mejang naban warsa
naban murud pan sakehe
para Ratu Nusa Jawa hing Mataram.

Pan mangkana adate hing naban tahun
salamining gesang
ora nana hing cutake sumambah karaharjan hing Mataram.

Pramilane hing Carbon tuhu rahayu
krana tumarimah
manah sukur sagedene
beda Banten kaselang tumpur sakada.

Sabab kirang hing manah sukuran nipun
ya wai waspada ngisab hing napsu samini
spa sukur winales guna waluya.

Sapa kurang sukure winales tumpes ora nan liyan metu
sing ngawakee dewek
Gusti Allah pan ora anganihaya.

Sahalame jeneng Panembahan ratu
seba ming Matram
ora nan arung anane
mulus mujur kang basa prasetya waktya.

Sunan Mataram pan tan nana ngaru biru
dennya nganggep anak
Mas Carbon labda karyane
Hing Mataram katarima jar samaja.

Ra kurang ora luwih dennya ngulun
mila katarima
dumadi ing salamete
satuwuhi anak Mas
Carbon raharja.

Sakarsane sabarange kang winangun
boten nana tilar
Sunan Mataram rempagi
mangkana kang dadi slameting lampah
mungguh yang widi karsane
singnga asta lahir batin tan beda.

DANDANGGULA

Awong dening kang rinembangan nyuluri
Panembahan nu iku kang wayah
kang wus kasebut namane
Pangeran putra Sunu
putranipun Pangeran Dipati
ingkang Sedanggayam
ingkang den angkat lungguh
deneing Suhunan Mataram
kkrana waktu samono ngadeging Ngaji
kudu saking Mataram.

Ingkang ngadekaken lilinggih haji
Hajir Mataram ingkang anama
Pakunagara jenenge
ingkang ngistren Ratu
Carbon ingkang nama winuri
Panembahan Girilaya
kang mangke tumuwuh
sinakoli mangku reja
pon katiti sebane dateng Matawis
kadi kang sampun seda.

Papatihe Panembahan mangkin
Kang nama Ki patih Suminingrat
ya iku estu putrane
Ki Rudamada mau
winuri-nuri ing Tunggaksemi
mulane pinaraban
Suminingrat wau
ramaning Jaksa Sumirat
tunggal bronjot Panjunan ingkang gaganti
hing linggihe Sang Nata.

Ya Sang Nata anyar hing Pakungwati
Pangulune nama Ki Jalila
ingkang mangen bargamane
wakil tulaking Ratu
aneng Carbon nata gami
pusakaning Waliyullah
maring anak putu
hing Carbon nagara jimat
atumbaling nusajawa kendung kikib
kuta Carbon waluya.

Waktu iku ya mati akikib
kuta Carbon masih naroja
adi tuwu sakubenge
tan ana durga ngaru
kadya gelare kang rumihin
Jawa Gunung kaporba
katiti angulun
sinakala tiwa-tiwa
nagara gung Mataram pon anglilam
ing Carbon yen gaweya.

Andel-andel sinaroja Pati
Seminingrat lan Jakasumirat
Kanti tanda warigane
miwa kang naminipun
Kyai Kanduruwan pan tunggil
baranjo ating Panjunan
wandudayi nupun
mangka taliti Kuningan
Arya Salingsingan kang pinangka dadi
anjeneng pandelengan.

Dupi ingkang dadi Tadamui iku branjotting karangkendal
Ki Gusti parna putune
kang dadi mantunipun
Gedeng kodokkan Abdulkapi
Abdulkapi kang saja
dingin mantunipun
Ki Pati Keling duk kuna
pan karuru wong becik ngupadeni Haji
pramila winuri lenggah.

Awon dening ingkang hing angken linggih
Arya Jagasatru ya ika
Dipati Ukur kang ngenem
tur dadi marasepuh
krana Putri Ukur kang nami
Jeng Nyai Mas Kirana
den garwa punika
dening Kanjeng Panembahan
malah mijosaken putra kakalih
Pangeran Anom kang seda.

Lan maliye Pangeran Masa Pakungwati
ana dene garwa Panembahan
kang suwanengge asalle
saking sabrang kang metu
saking panagara Surati
nami Nyai Rara Kreta
ingkang amurwa dusun
nama desa Karangdawa
malah Nyai Rara Kreta amutrani
Pangeran Sepuh aja.

Mangkana Panembahan Geri nenggi
agung putrane
ingkang estu Raja Sunu
sami kasukan kramat
boya kenging den nina hing sapadaning
tuwu atena walat.

Ya mulane karuru desi najen
aja ja maning yen tumeka
lagi niyat ora bee
saking pangaru larut
ya Sinuhun  ingkang angahiebi
hargjaning kapurata
hing sawaktu iku
jar si nembe tidak lima
kaya-kaya samono mengke muraking
adening kuta reja.

S I N O M

Panembahan Girilaya  ang Ruru hing Pakungwati
pranata mati adilad
alam Panembahan lalis
masi apembek Wali
tanpa drawaka hing napsu
ora budi sudagar pramila masih asepi
durung ana cina lawan Walanda.

Masih sakadar wong Jawa
Wong Sunda wong sabrang pekir
wong Arab Mandita
agama ingkang den gugoni
kang minulka hing ngurip
prakara agama Rasul
ora ngajeni dunya
dagang sudagar kakeri
kang ketengan lakuning agama Allah.

Halaman 123 tidak ada

Krana iku kakullah
tunggal ulam ning jaladri
amupuwa beya maning layen karsaha.

Ora nana pupun pasar
ora nana pajeg urip soteh wong pagunungan
saking karepe pribadi
babakti hing Gusti
tan pinardi hing Sang Ratu
lan ora winatesan
wus apa dudune titi
ning sedekah sakerep-karep prijangga.

Mangkana maning kang bala
sakarep-karepe ngabi
ngajeni bandaranira
bab den pardi estu bentan ana dangdan margi
duduk kali wong saking gunung
tumurun bakti karya
lan susukane pribadi
tumandange tan den priyat dening Raja.

Kadi lakuning sideka genturan
ingkang bakti
anglangkungi saking priyat
gennya pada angajeni
hing Gustine prasami
angraksa salinggihipun lumu yen kasorama
dening sapantare ngabdi
balanjane sadina cicik barekat.

Masih lumampah banaja
ingkang den arani picis
timah tipis bolong tengah
awawi dipun sunduki
ricik teka satitik
pusaka Kanjeng Sinuhun
siji rorone ana
wong tembaga gagawaning
wong dagang sing kasabrangan
masih sarwaning samending
wong Carbon mapan masih
langka gedong umahepun
naramba umah Jawa payon sirap payon welit
durung ana wong cilik kuta karang.

Masih kikis lawan dadangajaba kuntaning Haji
kuta Carbon pan waluya
sakubengi durung rigrig
pusaka Sunan Jati
Pangeran Panjunan wau
hing prakaraming karta
mung den wates ambrikuti
turun lima nuli den tema anggagar.

Dening karsaning priyangga
asajen sangge sejen sipta
kaligane iku benjing
anak putu prasami
anyayanak maring satru
saneke temen ningkang
prasami den pitambuho
pamawane wong kopencut daaring dunya.

Pada demen malar barang
kang ora langgen g kamilik
temahe adadi upas
anaepes harjaning Haji
beda duk jaman dingin
ungkara Kanjeng Sinuhun
ora amalar dunya
nanging dunyane angrobi
rijekene sing dunya rawuh ngakerat.

Panembahan Girilaya
wus sipta ana kang marik
kagungan niyat kadunyan
nanging tan anglaksanani
panasi kundalining kutub
prawantuning wus katah
tatamu
kang dede Wali
sabotene angngukad ding kaenakan.

Putra garwa saking sunda
hing karsane mambrih sugi
asipta hing kabangkaran
putra warga sing surat
adat sabrang aja mambrih
sudagar padagang laut
nyung nyeng sagongeng kula
Wangsadipa Wangsakarti
den nya anggelar saja abrangan sinang.

Ya si wantu Panembahan
sarosane wong sawiji
apa maning wus abenggang
kalawan sobawa Wali
membering-membering meminggir
kagumris benaning laku
lan Panembahan Awal
dupi Panembahan mangkin sabawang sumilir harjaning kiwa.

K I N A N T I

Hing waktu samono iku kusonya Banten kang dingin
mralalu kisah ming Ngarab
nani Sangeren Kanari
minggah haji sina kangsal
idine Raja hing Ngarbi.

Sultan Mekah paring wahyu
lamon Pangeran Kanari
la yen jumenenga Sultan
ana hing Banten nagari
serta sinunggan Radukan
Pusakane nabi Brahim.

Pramila samantukipun
ika Pangeran Kanari
meperkaken kula warga
ngistreni angangkat diri
pyambeke jumeneng Sultan
ana hing Banten Nagari.

Tan kaya Mataran rengngu
ora narima hing Jawi
yen ana anana Sulta
kang sanes saking matawis dadya rika malurungan
seja ngimper Banten Aji.

Wong Banten degeng hing wuruk
duga prang salami-lami
Banten layan Mataram
lawas-lawas ika nuli
ana panyapi walanda
kang nama Kapitan Murgil.

Ingkang bisa ngurus-urus
wong perang dumadi mari
sabab Banten den pariyat
deng Murgil kinen nyahisi
petugur aneng Mataram naban taun ganti-ganti.

Dropan tulusa angratu
aja na sawiji-wiji
dupi Mataran den priyat
kine narimah dumadi
Sultan ning bala Sultan
Banten nyaosi pakemit.

La iku matganing urus
Banten kalayan matawis
ora kaya wusing kreta
walanda minta upahing
angarta prang neda kongang
adodok aneng batawi.

Sunan Mataram dumulur
Sultan Banten angrempugi
lah iku awiting ana
Walanda aneng Batawi
pan den nidep tuwa-tuwa
dening para Ratu Jawi.

Lan jumeneng Gubenur iku
amiponi hing Batawi
lir kamandi sumelap
Ratu Jawa durung ngarti
hing gatrane samana
yen akir dadi kamandi.

Halaman 129 ora nana

Masjid Agung Banten iku
nalika binangun nenggih angleresi babad jaman
sewu limang atus nenggih
tigang dasa kalih warsa
punika kadining pelhing.

Dupi mula-mulanipun
Walanda aneng Batawi
wau ingkang pranama Murgel nenggeh angleresi
babad jaman kalih nira
sewu limang atus warsi
punjul tigang dasa tahun.

Punika adining peling
dupi Carbon duk samana
masih Panembahan Giri
nasi katiting ming ngetan
sukuran manah lumiring.

Lan ning Carbon masih harju
durung kaslapan Walandi
durung ana wong pantinan
kuta Carbon masih kikib
ngubenggi saharja pura
tengreme wong Pakungwati.

BAGIAN III
A S M A R A DA N A

Warnanen wong Pakungwati
Panembahan Girilaya
naban tahun sesebane
hing ngarsa Sunan Mataram
naban mangkati ngetan
wulan sapar layen rawuh
tanggal ping nem Rabiulawal.

Nuju unining Sakati
sabab hing Praja Mataram
hing tanggal ping nemunene
Sekati dugi hing Iplal
kempeling para Raja
kang seba ana hing riku
bada Iplal sanya bubar.

Beda aneng Pakungwati
hing Banten unining Tabal
Sukati tanggal wolune duga maring Iplal ira
kokong ngang sing Mataram
aja ngungkulan harju
dumateng piyambakira.


Banten sabane wus mari
wus kapohung dening arsa
patugur naban tahune
prikati Mugel Jaketra
lunta kaja mangkana
dupi Carbon masih nungkul
sina tat hing Bupaca.

Satata lawan Kadiri
Madiyun lan Banyumas
Demak lawan Pajange
Madura Sampang curiga
sebahe hing Mataram
titip awak piyambekipun
jumeneng Ratu ampilan.

Warnanen wong Pakungwati
Panembahan Girilaya
yen beba ngetan dinerek
dening kalodahan nira
Ki Arya Salingsingngan
miwah Ki Dipati Ukur
punapa dening lulura.

Ingkang nama Tandumohi
miwah Kaki kadurowan
hing Gebang Wanduhajine ingkang nama Sutajaya
dederek hing Mataram niniteni Gusti nipun
larane wong angawula.

Hing pamondokan Matawis
ora na ngajeni pisan
yen marek maring Sunane
anglepo ana hing lemah
konjem-konjem ana ing lemah
ika ingkang dadi rengu
manahe Ki Salingsingan.

Muwa ika Ki Dipati
Ukur umatur hing Panembahan kulipun duriyat kulon
anak putu Rasullullah
nemba hing wong Mataram
anak putu kaya isun
tunggal asal ka Galuwan.

Moning ngapa sampun lumiring
pangalataking Mataram
kula Gusti kang tanggo
hing banggane wong Mataram
Gusti atas kaula
Gusti sampun tumut-tumut
barkahe luluhur Nata.

Saestu Sang Raja Wali
tangtune ngaobe barkah
Panembahan adan linge
aja geru yin rarasan
bok ana kang miharsa
tema dangdang muli kuntul
pitenahe wong Mataram.

Mulane isun ngabekti
ya maring Sunan Mataram
bok iki pada katambon
mengkoyen sami asowan
hing ngarsane Suhunan
sun dudokaken tuhu
jatine ingkang sun sembah.

Amung aja adu linggih
lan isun den kapiarta
yen ana babisin ingngong
ya ta kang para Lulurah
ngartos wangsiting Nata
miyos aneng pangangkilan.

Sunan Mataram wus linggih
ana singgasana mubyar
kinubeng sakaprabone hing ngajap sagunging Nata
sami konjeming lemah
lir pitik atumon ulung
rarasi para Nalendra.

Panembahan Pakungwati
tan tebah Lulurah ira
ana katingal mancorong
hing tinggaling salingsingan
Nata Ukur pon mulat
Tandamuhi pin dulu
tengene Sunan Mataram.

Ana linggih kursi gading
komara nelohi jagat
pinayung kadi Srengenge
ajeng ngenging para Lulurah
kawengan teja prana
pareng bubar hing ngalungguh
sami dateng pamondokan.

Panembahan Pakungwati arising kandikanira
la kaki paran was paos para Lulurah aturan
inggih Gusti punika
punapa kadi andaru
nembe kaula karengan
rupaning kang adi luwis.

Panembahan angandika
bok kai ora angratu
kang katon ya ika Eyang
Suhunan Kalijaga
Boktan idep jati iku
Jatine ingkang sun sembah.

Urub-urub hing Yang Widi
murub mancur Rasulullah
insan kamil jati reka ingkang pangawak teja
mageng araga sukma
apa dudune luluhur
Sunan Jati munggeng kramat
la iku margane ngarti
wis iking Gusti Panembahan
dennya sukuran ngolosod
hing sampar lebu Mataram
anut inggeking mala
sampun sedeng sami mantuk
mring Pakungwati nagara.

P A N G K U R

Lami-lami ning ngagesang
kudu bae ingrung nganing ngaurip
Carbon katekanan musuh
ring wong atas Maruta
Ki Dipati Ganden hing paparabipun
wong kalang wong angluluntang
mangan kodok mangan babi.

Sadina-dina genturan
ya apesta manjer pangetokan babi
lakok eneng agawe rusuh
maring isene desa
rarampasi singa cabar ya den roud
duduwene den parusa
ora nganggo sukane maning.

Yen den po ika tukaran
perang buru singa cabar ya kambil
ora nyang kirangi hukum ngalahakn nagara ora mikir hing
palakartining Ratu
Panembahan Girilaya
ora den deleng Narpati.

Den anggep wong ngamandika
Mila Dipati Ganden tan den tata kering
amepes bawaning Ratu
kang Patih Seminingrat
saoli-oli anyabili maring musuh
malah akeh kawat gata
wong Carbon akekang mati.

Kulawarga kaparungan
akeh tatu angadang sura wiri
wong Caikherang ageru
grandaka kapunggungan
Ratu Mendik apopoyan ning Sang Ratu
Penembahan Adillullah
den gondel sakti nulungngi.

Kranane ika wong kalang
ora kena den gawe beres urip
den tundung tan gelem mamprung
den rampek anglulungka
datan kena den gawe sanak angutus
gelar kadi camera kera
tan ngaji bener satitik.

Ngaluntang sakamya-kamya
duduwening akeh den paksa wani
sinemdu dadi agelut paten-paten brawasa
lalon-lalon anglalu ataker marus
angrebuti baranging liyan
tan etang dipun pentungi.

Dipun perang males merang ora kena dipun aru-aruhi
yen den aru anggep lampus
ya ta Kanjeng Panembahan
karsa tumon hing jalma kang kaya iku
kalih Panguli Jalila
hing ngiring  sagung santri
angangge sarwaning petak
patang puluh punika ingkang santri
miyosipun saking datun
kang sarta atakbiran Allahu Akbar rempug wong oatang puluh
adi sabik-sabilullah
sabille wong Pakungwati.

Takbiran kaya Riyaya
rame rempug swaraning hing wong santri
angiring Pagustenipun
miyos ming jawi kita
beneraning Tedeng pan sigra katemu
Dipati Ganden tumingan
hing polahira wong santri.

Ingkang sami atakbiran
suka bungah dumado milu muni
amuji puji Yang Ngagung
karenan tanpa sesa
dadi milu sainggeking Sang Ratu
den kon muni shadat
sakabeh wong pada ngiring.

Den Islamaken sadaya
Dipati Genden sako ela wargi
wong Kalang wus pada anut
mungalape Sang Nata
den dodo kaken hing Pakalangan iku
akumpul dadi sadesa
Pakalangan iku yakti.

Pan titiyang selam anyar
yasanipun Kanjeng Panembahan Giri
layan mila-mila nipun ywan kasebat
jawa Pakalangan
angabdi maring Sang Ratu
kongang lamon den edola
ping pitu sadinamangkin.

Katampun Ki Jalali
la yen ika sinengge kang abdi milik
Pakalangan ika ikusabad ika wong Kalang
ikang pada teka nagara ming ratu
gawe kalakuwan gagam
angalasaken nagari
dupi sunda pagunungan
sinengge abdi kasiyaning Haji
krana nalika duk mau
ratu ingkang tumeka
amerangi maring nagarane iku
marmanipun ketang seda
lawan Pakalangan mangkin.

Lawan aja gawee lo kan
nadyan gunung pon beda-beda ugi
yen wangkid gunung prakuwon
yen iku abdi amat
krana iku Islame pinrang nging Ratu
Islam soteh karana kala perange dening Sang Ngaji.

Yen si wong Gunung Prajangan
ku mardika krana Islame dingin
ora karana pinukul perang dening Sang Nata
estu iku suhud dewek maring Ratu
mula tan sinengge amat den nira wong Pakungwati.

Dupi Jawa Kapetakan tungal layan Pakalangan kahabdi
krana alame Sinuhun iku Pangeran Petak
sabalane pada gawe rusuh-rusuh kaya Pakalangan uga
tan nana beda sademi.

Mila Kiyai Jalita
Pangulune nagara Pakungwati
ngukumi yen ika dusun
kang aran kapetakan
Pakalangan tunggal bae habdi mamluk kamilik Sang Nata
Hing nagara Pakungwati.

M I J I L

Lami-lami hing solah maranti
sabaee wong Carbon
hing Mataram saban hing-hing Mulude
datan ginggang Ki tandomohi Pandelengan mangkin
Arya Jagasatru.

Para Lulurah Arya Salingsingan mangkin
den nya amigatos
Malangsumirang murung hing nitine
yen ning wetan aniningali
wong ngajar juri aneng alun-alun.

Pada ngagem tohok tur aniti
kuda pada angrok
tumbak tinumbak tan pasa kulite
ana ingkang baksa amawikepeng pedang
paris atangkis sarawuk.

Pedang pinedang tanana ingkang kanin
wane kangsarogsog
balang binalang ngaken ninggeke
sinuraken dipun kapoki
gamelannya asri
pinatut lan bedug.

Warna-warna dennya ngawi ragi
jogeding asosog wan
ingkang tandaknya angulur sabagi-bagi dennya mambri
kasukaning Ngaji bala sili hatur.

Atur-atur hing manca Bupati
dumateng Sang Katong ing Mataram
kalangkung sukan
amingali ingkang para abdi
atur pangupaksi
maring Sangaprabu.

Singa nagara pada metoni
tontonan ning kono
ya wong Carbon den niri gawe
meton nana tontonan kang maring
Kanjeng sri Bupati wong Carbon sasdu.

Matur yen boten wonten minangkani
Grago tiyang bodo boten wonte kanga tiyasa
joged pangawi raga
boten bangkit hing kasakten malih
yen nit yasaha tahu.

Wong Mataran kudu bae ngiri
maring anak Carbon
Arya Jagasatru wuwusi
lan iki kentasa bedil
kang ageng pribadi
kinarsakna amanggul
sarta nyuled ya ta wong Matawis
pada kamisosot
he wong wong Carbon pugas hing ang kowe
ya ta sinukan dening Sang Ngaji
yen nyuleda bedil sapujagat iku.

Arya Pandelengan tandas aglis Salingsingan gatos
angiseni obat sasedenge
den enali pasek tumuli
piyambake manjing
sarta enal iku.

Nuli Arya Jagasatu gasik
Nata  Ukan gatos
ngangkat bedil dipun panggul dewek Tandamohi ingkang
mulad bedil
jumegun agonjeng
kadi jagat lindu
Jagasatru wangkeng datan mosik kukuh
eh lir papatik hing bedil
Sapujagat kekere
ora mundur ora gumingsir
lir wong manggul epring
tan katon wratipun.

Pandelegan kang kabiyas dening
obat kadi pelu
hing janjana tan kruwan tibane
ora suwe jaragenek nyanding hing ngarep ping bedil
bada masi watu
Wong Mataram iku nembe uning
Laksanainya Carbon
Ujar satepak katut bebede ora kena den ina urip
Lan iku gegebring saktine kayeku.

Manda dene Bandarane yen uwis
nemor gawe katon
ika gadang punjul saking papake
Carbon kudu den prayekani
bok manawi dadi
kamandi hing besuk.

Yen wis samono gatrane kahaksi
dening tingaling wong
aja katungkul nononton saktine
kudu anyangkirang hing ngakir.

Coconteging Aji
maring kangkad ye kun
Di ana ratu kang dadi sakti
gelare samono
tangtu iku gelare samono
aja kerup rupane aking
kadya bibit uwi
kaligane muncul.

Ela iku marmitane dadi
Panembahan Carbon
den patroli hing pamondokane den talikti hing raina wengi
dateng wong Matawis den titeni dudu.

Ya sangune isi sega aking
den korek den tinjo
den taliktik bok ana isine
kanutane den galusoari
katetaning kancing den wewer usung.

Ya iku ngenese wong Pakungwati
dipun notok kaya
ya angrasa den ina prajane
Arya Ki Dipati Ukur.

Katuwone dening luwi-luwi
Tan den daleng uwong
Makaten ugi hing saciptane
Wandu Haji Gebang kang nami
Sutajaya dingin
mana winaringrut.


Wong Carbon pada rengating ati
den gawe samono
ya ingkali wong bresi tan duwe
manah digjaya  tejaden serik
won serya sayakti teka den lulupud.

Ya wong setya ika teka den pracekani
ka ta loroding wong
carbon sedeng mantuke ing grage
angngadati hing naban warsi
bada Iplal mulih
dateng praja nipun.

D U R M A

Rakaya Ki Dipati Ukur hing wuntat
ngari aminangkani
kiwuling ngaguna
matek aji limunan
malebeting dateng puri
aneng Mataram
tan nana ingkang uning.

Malah gedang semangka hing dalem puri
den dahar ingkang isi
kulite waloh eya geger ring wong jro pura
tumon gedang pada masih
wutuh tan kaya
isine musna gaib.

Mangkana uga semangka kang pada musna
isine hanging kang masih
kulite waluya
gawoke wong Mataram
dening tembe ameningi
kadi mangkana
oreg sadalem puri.

Nuli ika Tandamuhi matek limunan
lumebeting jro puri
menangi Sunan
ika diweg tuturas
emase dipun contengi
apu madu pat Sunan kaget ningali.

Aningali emas kaligane ana
coconteng ingkang putih
pikir ana baya
iki ana durbiksa
baya belis saking ngendi ngaru maring wang
dubilah den tebih.

Enggal sira ingkang dakar winasuhan
nanging yen uwis aking kaligane ana
maning cocondeng pedak
Susunan dangu mimikiri
dereng kamanah
ingkang ngasung wigani.

Nuli ana Ki Arya Salingsingan muja alimunan den wisikik
manjing hing kadat yan
amenengi kang Susunan
diweg dahar den ladosi
para parekan
Ki Salingsingan aglis.

Manyungkur hing kumise Kanjeng Suhunan kumise kang sasisih
ya ta sang parekan
kaget ningali Susunan
kumisi ilang sasisih
mancep ngujiwat
Suhunan maskitani.

Angandika kuwe mesem mulat maring wang
apa kuwe sarasmi
maring raganingwang
dupi mangke den usap kumis kari sisih
adan Suhunan
mundut adining carmin.

Amratelakake kumise kang ilang
ngilo kakaco yakti
nyata kumis ilang
nyata Sunan ngandika
sapa ingkang wani-wani
hing kumis ingwang
den cukur kari siji.

Nuli ana swarga uni sabda
nyauri hing Sang Ngaji swara
nya enya anu nyokuran
Sunan Mataram nimbali
Papatih ira apariksa lahiki.

Ya kumisku ilang sasisih kelangan
teka ana nyahuri
swarane kang mun ya
aning artine apa
Ki Patih matur wotsari
artosing basa
aning punika kami.

Gih punika basa tiyang Carbon Sunda
lah iku marmitaning
Susunan Mataram
nyereg yen Carbon ala
pada undangana gelislakune nyetan
sugih rancana demit.

Wus katulap yen dadi musuh hing nata
wani amanjing puri
ora lan dadalan
nyukur kumissing Nata
ora layan den badami
sasaha si pakurwati.

Ya Ki Patih matur nuhun duka Sang Nata
anak Mas carbon mangkin
pan sampun kalilan
mantuk dateng nagaranya
pandugi kang masih hari
rowangan nira
ngalindeng digja demit.

Boten kados tan kasasmata hing tinggal
saking pundi marganing
ingklang kacepenga
Susunan angandika
lah lurugana tumuli
Carbon den kena babandane mariki.

Lah iku marmitaning dadi cela
Carbon lawan Mantawis
mantingka lurugan
Pangeran Purobaya
kang tumanduk anglurugi
aneng pakudyan
sarta para prajurit
duga maring Carbon ika masanggrahan
mungguh kiduling kali
kang mangke katelan
Paronggol namanira
enggal Kyai Tandamuhi
kang lumantinga
hing gelar sing Matawis.

Kacarita Tandamuhi kang laksana
tumanding hing praweri
Pangeran Purobaya
anyuduk tinadahan
Tandamuhi dadi kalih
pinindo dadya
papat anggambing-ngambing.

Di ping telu dadi wolu ingkang raha
sigra kinen malesi
dupi lumaksana
tandamuhi sumeja
anyuduk hing ciwakan mangka ning
ababa kudaburak ika dumadi.

Ya Pangeran Purobaya dawah hing lemah
narimah kawon jurit
bubar sarta bala
wansuli maring Mataram
atur uning hing Sang Aji
yen Carbon mapan
tan kena den gagampil
ya satepak kekere karo wadyanira
tan kena den gagampi;kadi uler timah
panas bawaning setan
punika wong Pakungwati
osugi guna
setan katong ngadohi.

M E G A T R U H

Yen sinuduk dadi akeh kaya lelembut
yata Sunann Matawis
ngutus sejen wira pamuk
niroban bala braketi
gumodug parane ngulon.

Iya iku Tumenggung sing Pasir Kidul
kang guna prawiwa sakti
Pangeran nang Selatelu
sumeja anjajal maring
kutaning nagara carbon.

Durung teka maring prawatesan Pakung
nembe duga ambeneri
tugu mangangkang katemu
Nata Ukur kang ngadepi
atanding wira kammacon.

Ingkang bala Mataram kundur katumpu
pada mulakipun dening
pangaruhe Nata Ukur
kenang ubang-ubeng dadi
polahe amider panon.

Ubang-ubeng tan karuhan lampahipun
amemegeli kang ati
nyata ika Nata Ukur
anulak musuh Matawis
tan kadugi datang Carbon.

Apopoyan wau hing bandaranipun
yen kadi musuh iblis
abdi dalem alalaku
boten katik dugi-dugi
pijer kapuyangan kapanan.

Estunipun amusuh pan dede musuh
kadi prang lan dedemit
tan kantenan gelaripun
ya ta Susunan Matawis
angutus hing sejen wong.

Sena pati suwanggi sabrang punjul
kait lan dukun gentiri
wong Mataram kang angri yung
lumurug hing Pakungwati
seja ngempes anak Carbon.

Ing ngiring ing bala pirang-pirang umbul
wong Carbon tan nedang-eding
Panembahan ora weruh
yen piyambake den lurugi
angeca-eca kemawon.

Ana soteh kang seja nulaking musuh
Ki Arya Wanduhaji
hing gebang bronjot kang mau
Sutajaya angadepi
saking Losari kemawon.

Saking sabrang kulon hing kali duk rawuh
para musuh sing Matawis
pang rahose remek-rempuh
pada rusak den amukir tur sajatine baloklok.

Sutajaya tan kesah-kesah angambek
mung ngadeg nang sabrang kali
amatek hing ngaji nipun
tuju lajaran ngenani
bala Mataram wuslorad.

Iya mulak pangrasene ana kang ngamuk
nanging tan kruwan kang wero
kadi wawayangan nempuk
amepes nyawa prasami
kandur ingkang bala katong.

Mila kocap ing Gebang laksananipun
anulan musuh Matawis
matur hing bandaranipun
yen Carbon kadi dedemit
uwong soteh dede wong.

Ulur-ulur tali barat hing lelembut
tan kenging den kanta jalmi dados mesa dede musuh
 memeri amese pitik
sumanggeng karsa Sang Katong.

Ya ta Sunan Mataram kalangkung bendu
angraus durga kalilip
apa maning wuwuh imbuh
akeh sinangarya serik
kang kapentas hing Matahok.

Pan wis ana kang aserik
hing Mataram iya anamprung
manca maring Pakungwati
agolong ana hing carbon
dura tanggon anggon.

Mila sami pralalu manca anunut
maring Ratu Pakungwati
kang sabar krana Hyang Agung
rembesipun Raja Wali
Kutubing nagara Carbon.

L A D R A N G


Pakungwati lami-lamining ngaurip
kudu ana
bancana isining lahir
ora liyan ya Ki Buyut Alas urang.

Ya tedaking Dempul kang dingin maranti
angka-angka
ingkang umbul-umbul waring
pada raraton
awanguna si karaharja.

Ya sakait lawan Ki Buyut kang nami
Ki Supataka
pon turuning hamet wani
mung cirine dening tan huning hing daya
kurang waspada hing gaibe dumadi guragapan
mengke yen anemu sandi puharane dadi kaya-kaya bocah.

Ya ta geger genturaning Pakungwati
alad-alad
Patih Seminingrat aglis
anglurug hing alas Bakung sinikara.

Sawatana prange Ki Buyut ningkir
leber mapan
ming kapetaken den tungtik
dening Kyai Patih Carbon Seminingrat.

Hing Patakan aprange sawata wis
sigra bubar
angajab samargi-margi
angrurongseb hing laku padang raraja.

Angararaja kanggo sangu ning madigdig
ingrarampas
singa ing dalam kapanggih
ya den rebut wani hing tingkahira.

Buyut Urang sabatute sala hepti
seja nyelang Carbon pusaka kujang.

Moyang Panjunan
katitipaken nasri
mring Suhunan
apa benere wong titip
yen wis lawan ya kudu angolehena.

Ya ta tan gelem ngolihaken positip
yen wis lawas
benere wong ananagi
yen matungteng iya kudu penerang ngana.

Ya ta sira saya angrempagi
sanak-sanak
warga Panjunan kang sami
amarenca hing kulon angriyung teka.

Siji loro sing Kandangur sing Junti
miwa ika
saking Singaraja malih
sing Dramaju sing Ciasem sing Karawang.

Ya sing Pontang sing Tanara asing akeh malih
sing Jepura
ika katilas awani
maring Ratu Carbon
seja salah cipta.

Seja ngangkat Buyut Urang ngadeg Aji
ora kaya
Ki Patih Semi naliktik
pareng wengi anjejem guna wikara.

Buyut Urang lsgi turu dipun godi
langkung katrap
sisirepe patih Resmi
ya wong domas bature Ki Buyut Urang.

Kena kabeh iku pada tinangsuli
tampa sesa
binakta ya hing ana ing
Pecattanda
ana hing Kendal Kajaksan.

Ku wong domas wis pinanjara den Patih
Seminingrat
sadaya malebet sami.

Wong domas bature kaki
Buyut Urang den beloki nang Katandan
patut dening oli patang puluh wengi
nuli ika
den aerus dening pajaksaning
Ratu Carbon ana hing Kendal Kajaksan.

Den kukumi mau ingkang mamaten
iya pada den esrahaken ning Judi ya medaling
pamanggahan pinatenan.

Dupi iku kang rarajah rarampasi
dipun wedal
lakeng ning pasapon pinrih
den gitika anuli ika den buwang.

Dupi mau kang pada garumbyung pitik
kang kagebah
ora kalawan pamih
ku karsane Ratu Carbon den mahappa.

Ya wus sirna rasa rusiting nagari
kabar kahan
luluhur Sang Raja wali
aneng Carbon mapan masih tedak lima.

Sidem kayon kang reka-eka pan nyilib
pulih hardha
waluya abecik ati
embuh besoke saikine ya wis kreta.

P U C U N G

Tan warnanen hing Mataram Ratu Agung
dumatenging dede manah
dumatenging Ratu Carbon
reh patusan ping tiga tan antuk karya.

Kaserenging napsu kaliputing bandu
asraya Walanda
 Kapitan Hetal jenenge pinroh kena babandane sang Narendra.

Anak mas Carbon aja ora kajuput
maring ngrasa ning wang
tau rasa sira mangko
yen campole iku sobat dudu lanang.

Yata ika Kapitan layar minmg laut
amargi sagara
wus kadungkap maring Carbon
lampahira tangginas ya enggal papta.

Wong Carbon kapengel tan ana ngaru
hing waktu samana
tan nana Walanda tumon
aja maning umah-umah hing nagara.

Durung ana ana Walanda jeneking Pakung
wong Jawa aringas
maring Walanda katemben
iya iku durung bisa hing katanya.

Durung ngarti terang ing kata malayu
den ajak tabeyan
Panembahan dereng ngartos
ya tan suwe adining pangalpuka.

Panembahan nurut bae ing sacatur
ring Walanda bisa
katiga putra anderek
Pangeran Sepuh Pangeran Anom sada.

Kawa naha Panembahan lampahipun
lan Kapiten Hetal
angrasa yen olih gawe pan wis katur hing ngarsane
kang Suhunan.

Ingkang bau Panembahan pan tinangsul
dumadi pratanda
arrah babadan semune
inkang putra kaliye ngartos sing reka.

Yen kang rama angsal dukaning Ratu
Agung hing Mataram
dereng ngartos ing dosane
nuli kinarsa kinung-kinung dateng pasowan.

Ginunem repit seja pinambrih lampus hing pada nayaka
malah wis ranpung guneme boya rempug yen den
pejahana ganal.

Ya karan bebeting Bantang bilih metu
budine rakasa
hing ngarab pan datan suwe
ya puhara dadi wisahing Suhunan.


Ding sejane seja demit ambrih lampus
seja guna digdya
baruwang ingkang jinawe
kula warga Carbon wus dumuging kana.

Ingkang Gusti Panembahan sanget nganglu
miyosing pasowan
den muleh-muleh den gotong
den aji-aji binakta hing pamondokan.

Tanna dangu Panembahan nuli larut
gurnita yen seda
den mulya-mulya sinareh
den Astana ana hing Giri Malaya.

Mila sinebut hing wuri ing nama nipun
Kanjeng Panembahan Girilaya sinambate
guring jana yen Mas Carbon wus seda.

Sarta karsane Susunan lamon la iku
putra Panembahan
tan suka mantuking Carbon
den kukuhi kekel ana hing Mataram.

Kang den arah drapona aja na sumulur
darapon dumpura
raja ana Ratu Carbon
bilas ilang hing Carbon akundang setan.

Angrobohi karaton laku angaru
annyotengi dakar
nyukur kumis lah samangko
rasakena dengda wisasating nata.

Ana rengi waktu samono pihibur
perang Trunajaja
seja bedah Matarame
putra Carbon loro pan katimpal-timpal.

Greg pating bilunglung larag-lurug
maring ngedi ora
putra Carbon kalbesate
hing nagara Kediri pan wirandungan.

Pirang-pirang hing Carbon tahun asuwung
katuwagan Nata
durung ana sumulure
durung ana kang mikir ngangkat Raharja.

Ya sing waktu Panembahan ika larut
duk ing babad jaman
hing sewu limang atuse
pujul wulung puluh papat lumampah
duha maringalu anembelas tahun
tembe ana karsa.

Sulta Banten pasiyane
apotosan ametuk kang putra ika
kang kablesat hing Kadiri lampah harju
kinen ngamitena saking Sunan Matarame
ya ta Tubagus ingkang prasami mapagi.

Kesah maring Mataram ika anuhun
lilane Suhunan lamon ika putra Carbon
kang kakalih
kasuhun kahamitena.

Kang karsaken ana hing banten salimur
tunggil tunggil melas
sanggine ing Banten bae
munggih munggiya wontena idin Suhunan.

Ya tan Sunan Mataram suka dumulur maring penenada
hing wong Banten kang samono
 kon malaksak dewek maring pangngumbaran.

Den salaksah aneng Kadiri tinemu
dan sigra binakta
maring Banten sakaliye
rena-rena Sulatan Banten adurran.

DANDANGGULA

Kanjeng Sultan Banten tumulur asih
rempug lawan Morgel Jakertra
seja ngankat Ratu Carbon
Mugel Batawi darbe wawani
angadegaken Sultan
krana Banten iku
angsal idin saking Mekah
lawan angsal Pusaka Rasukan Ibrahim
pramila kinawenang.

Pangeran saking Carbon kakalih
mapan sampun ya jumeneng Sultan
hing Banten den intrenane
nuli kinarsa mantuk maring Carbon dupun katiri
Walanda sing Jaketra
ingkang naminipun
anengge kapitan Karang lan Raja Gowa Bima
kang prasami
kinen angraksa ha Sultan.

Embok ana panusul sing Matawis
ya ta Sultan sakoro wus harja
alinggih ana ing Carbon
babading jaman sewu
nem atus hing Carbon mimiti
ika jumeneng Sultan Walanda kang tunggu
mimiti ana Walanda
iya iku Kapitan Karang rumakseng Gusti
hing sajenggering wibawa.

Sajejeging amaro nagari
Kasepuhan lalawan Kanoman iya tatkala samono
Sultan Anom kang mangun
Kroton piyambek amurwa puri
sangkane tumuruna
maring anak putu
dadi ana Padaleman
loro eneng jroning kuta Pakungwati
ya tatkala samana.

Loro soteh kukume sawiji
pramilane yen kukum hum sarengan
Jumah he ya bareng bae
ana hing Masjid Agung
Panggulu hing Kanoman
Gilir Jumah atuwin Riyadin
sapa hing fitri sapa hing alkoh
mangana maning unine
Sukati sapa Mulud
lan sapa Riyaya kalih
katong roroning tunggal
ingkang linggih Ratu
Kapitayan duk samana
hing Kasepuhan nami Ki Arya Nadin
asale wong palekat.

Para Gusti duk samono musi
durung ngartos dumateng rarasan
malayu marinaning gawe
jurubasaning wuswus
ingkang nami Ki Arya Celli
iya iku kawitan
ming ana Tumenggung
aneng nagara Pakungwati
ingkang nginger ala beciking nagari
Sultan suksara pracaya.

Yumenggung ika kait lan Walandi
Kapitan karang lan Raja Gowa
Raja Bima ture
mula kaduga  lebur
 kuta Carbon den burak dadi
den gawe bentengira
anang pinggir laut
sirnaning pusaka kuta timbul benteng
wawangunaning Walandi
anjaga jaga Sultan.

Lah iku waktuning carub urip
akeh Walanda akeh wong Cina
nunut suka hing Sang Katong
sinukan sami kumpul
umah-umah hing pinggir kali
sakuloning pabeyan ngadepaken dutu
ambanjeng pacinan dalang
pada gawe Kalanteng sabagi-bagi
acaket lan sabandar.

Pabeyan pamicisan dadi
kumerab sakuling bangsa-bangsa
pawalandan Kapitanne
ya Kapten karang wau
Kapitan Cina den arani
Kapten Burwe kawitan
ingkang pada laku
 makoda wane pranakan
cacalang ingkang den wuri-wuri
jagane bok ana aprang.

S I N O M

Kawarnaha ingkang kadang
kang metu kang saking ngapti
Pangeran Kusumajaya dennya karem maring supi
tanopen anak rabi
umah bale burang abur
tan ngtang sandang pangan
hing bratapaning tur gempih
mila dumadi ing barang sacipta nira.

Bisa ngambah awang-awang
lan bisa mencala putri
kinawenang sejan rupa
lampah sakedap dumugi
maring prenah kang pinrih
wus ora sangketing laku
karemenipun wayang
dada lang kang wignya adi
kang sinengge hing sugul paesan tunggal.

Datan pegat anglambayang
mangka ika anarengi
leledang maring nagara
kapareng Sultan kakalih
diweg aniningali
benteng anyar winangngun
Pangeran Sumajaya
Kandikane ya iki
Kang ginawe menggung waji kudiran.

Natkala nabda mangkana
lari ngijoggaken ecis
hing kuta Bentang ahobah
oreg lir bumi ginonjing
semune manci maringkang rayi dumeh kadyeku
campur budi Walanda
gawe benteng pasang bedil
ya ta Sultan sakalih asruh ngandika.

Sampun makaten kang raka
lumayan bade madosi
tiyang bodo drapon ulap
ningali benteng puniki
dupi jeng raka serik
boten remen ning puniku
jandika nyingkir kewala
hing parnah gen kang sepi
dan Pangeran Sumajaya wus ayimpar.

Aguling hing Karjuwanan
atmane sampun dumadi
ratu topong Baladewa
hing pesisir kidul nengih
ika ana hing bumi
Cidamar gennya ang Batu
nama Sunan Prawata
tur balampun gagaib
gumlar asrih pada sadela.

Ya ta Gupenur Jaketra
kaget tumon giri rusit
dadi samnya pada apyak
saradadu anglurugi
pirang-pirang prajurit
saking Jaketra kumebul
kaligane kang prajurit
pada potol endase tanpa karana.

Mangkana lawan mangkana
gawokipun wong Batawi
nembe tumon lampah perang
amorotoli pribadi
akeh pada sasiri
anglurug pada angandu
sagena-gena pada
geris pada marotoli
pirang-pirang Sradadu Jawa Walanda.

Danggome geger genturan
Moggel Betawi angarti
yen pisaniki kudowa anak Carbon ken nyabili
maring Cidamar ambrih
jimat pamunakih lurug
ya ta wong Carbon dangdan
sarta prajurit Walandi
Kapitan Muris kalawan Kumendur ajag.

Lan Mantri Astraditaya
Sultan Loro pan lumiring
anglurug maring Cidamar
pasir kidul den purugi
ora manggih dangending
Cidamar amanggih suwung
gawoke wong Walanda
ra manggih itu ini
erane kang mau apa durbiksa.

Datan wruha ika atma
atmane kang mangngun guling
ana hing gon kajuwanan
parengika den lurugi
dateng kadang pribadi
dumadi enggal awungu
kana atma muksa ilang
mangsup hing ragane atang.

Sultan loro sing Carbon wus ngarti uga
lamon punika kang raka
Sumanjaya den nadeling
ngangken wiratama nira
ngesemi wong Pakungwati
anrorag-orag rayi
aja katungkul anggugu kula reja Walanda
kawas kita angumandi
para gusti hing rupane asengaja.

Sengaja campur koripan
angramekaken nagari
anganjarakening yasa
amburak yasa kang dingin
kuta Carbon wus bresi
kagantening benteng ngipun
ringa-ringa hing Jagat
wera ingkang dipun pambrih
nanging salirga gaib dadi atebah.

Tut satitik musna ira
guriyang hing Pakungwati
katiyen dening Walandi
hing Carbon buncari tebeh
ilang sagunging mandi
cama kapupuna hing dudu mila Kanjeng Pangeran
Sumajaya asung wangsit
supadosa para Gusti saja nemaha.

Henda ilang hing guriyang
sok remaja hing ngaurip
kang aran sagula wenta
ingkang manis ingkang gurih
anglalu sada lali
maring mantraning luluhur
tewaju hing kaldunya
kal akerat kang kakeri
lah iku prabawa Pulung yun mintar.

K I N A N T I

Hing Carbon sawaktu iku
mari seba hing Matawis
mung asrah patugun jalma
saban tahun gilir ganti
atilad wong Banten pura
patogur hing naban warsi.

Pon tunggal parigelipun
Tuwan Morgel hing Batawi
Sunan Mataram narimahwus ora kauni-uni
apa maning hing Mataram
lagi ibur durung mari.

Perang Tronajaya nipun
seja ambedah Matawis
pramila aneng mataram
tan pati ngungseda jawi
rada repeh hing wisaya
data kadi wingi uni.

Carbon tentrem dening estu
den jaga dening Walandi
kang nama Kapitan Karang
ingkang dipun katahani
dening pambrih hing Mataram
wedi mring telik Batawi.

Mila kauripan nipun
Walanda den katelingi
dening Sultan loro pada
sing Kasepuhan wong limang atus nyuosi
sakarepe wong Walanda
wong sewu ingkang ngupadeni sarta kinawenang dagang
mambrih untung hing nagari.

Sakarepe cari untung
ora ana ingkang den sangketi
anggolang bala makida
hing nagara Pakungwati
apa duduni wong cina
mung ora den gawe telik.

Cina amung cari untung
ora jaga lunggu Aji
mangkana ika wong Kaja
wong Bugis lan wong Sarani
sakarep angulan dara
ora angraksa Narpati
tami lamining tumuwuh
kadang dalem kang anami.

Pangeran Emas amolar
maring kang raka Sangaji
amode sanungi anjang
kaoripan hing nagari.

Kang raka Kendal tan pasung
bawaning tan mandarbeni
kawasa ngadegna pangkat
ngajaba Banten kang wis
olikokongang sing Mekah
dupi kita Pkungwati
Bara-bara kita tuwu samene ngulat
ngulat ngendi aja agawe ungkara
bok temah tan makenaki
wis esak-esak kreta
aja akeh pokal-pakil
Pangeran Mas duk rengu
adan angitar priyangga
surat recep hing Batawi
den dala hing pendi anyar
den tutupi cowet siji.

Den dempul lir wada majum
sapa jana isi tulis
den cocol lawan tampelang
wong siji intere demit
dumugi maring Jaketralampahe anumpal keli.

Hing kana salaminipun
ana hing tanah Batawi
tanama kang piduliya
angrantun anang umaning
tukang sayur hing Jakerta
tatamane sang Morgil.

Malah rerewang nyanyapu
nyiram kebun kunti wiri
sing kene marganing bisa
katemu lawan sang Morgil
tatkala Gupenur leledang
sore-sore niningali.

Maring sasayuran nipun
patusan Carbon agasik
angaturaken kang surat
Morgel Gupenur sampun tampi
surat kaharti sadaya
adan sang Morgel Batawi.

Ika sang Morgel Batawi
lawan Sultan Banten puri
yen ana kadang pakud ya neda ajang hing ngaurip
Sultan Banten mapan rempog
pisan lamon den duluri
pan sinungan ajangipun
sing Kasepohan pinardi
maringana ajang gesang
limolas desa mangkin
sing Kanoman mangkana
limolas desa pinardi.

 Wandening jenengan nipun
di sone ika nguruni
lalaerine Panembahan
lah iku marganing dadi
hing Carbon Ratu tiga
duk babading Jaman Kali
hing sewu nem atus punjul
telulas tahun jejegi ya ta sang Morgel Jakerta
angintar tulis kang maring
Carbon hing Kapitan Karang
surat angkataning Aja.

Panembahan sampun lungguh
Ratu Mandita ngajasi
angreh telung puluh desa
pigegeling wargi-wargi
Kasepuhan lan Kanoman
Wus marem kang lagi runtik.

Salat Jumah gilir telu
hing nagara Pakungwati
panjaksane pan titiga
karatone mapan nganpil
maring praja Kasepuwan
dening ana titik runtik.

Ming Kanoman ana rengu
rengating mana wawangi
tur ta iku Sri Kanomam
tunggal saya ya babibi
wus karsaning Allah uga
cawenga kagiri-giri.

Pecat mati dennya rengu
naging datan dadi rusit
hing aturing nagara
lumari anuli dadi
harjane kang panagara
salameting gira rusit.

ASMARANDANA

Lami lamining ngaurip
pada ngintar kahungguhan
kang dadi cager akire
aja geseh hing sulursn
kang gadang nyuluran
ingkang rama lamon lampus
sinungan dingin pratanda.

Nama Pangeran Dipati
anang praja Kasepuhan
Jamaludin kang gadane
sumulura ingkang rama
benjang yen wus seda
hing linggih winangun tangtu
talitih Nalendra dipa.

Dupi hing Kanoman wasis
bawan ning sanget memeleng
wantu kanjyaran lungguhe
anoman wong anyar mela
beda wong Kasepuhan
lalorining datu agung
sing ngalem Susunan mula.

Wong Kanoman sanget pikir
kawangun cager hing manah
ingkang sengge sawadine
sadurung-durung ngilina
Sultan anom asadya
abadami lan Gupenur
miwah Sultan Banten pura.

Panuhune ingkang siwi
den udanga nama Sultan kacagerna namane bae
nanging ngora mela praja
pom masi nang Kanoman
dadi Pati lungguhipun
mung namane bae Sultan
darapan enaking ngati
hing wuri aja memelang
Morgel Jakerta anderek
salarsaning Nata
dumulur maring kadang
Carbon Kanoman kang sunu
kinawenang nami Sultan
Sultan Carbon ingkang
Ariya Mandurareja
hing ngadunane eca hing manah
cagen ring wuri sumulur
sirna rasa mana melang.

Jeng Panembahan pon pikir
wangun cager maring putra
den asri nenggeh namane
Pangeran Dipati ana
hing sri Panembahan
mangkana Ratu hing Pakung
dennya angraksa turunan.

Ing Kasepuhan kang siwi
ika iku ingkang nama
jeng Pageran karerange
rayinipun Jeng Pangeran
Dipati Kasepuhan
lan Jeng Pangeran Tumenggung
lan Pangeran Natasurya.

Kajalan ingkang nami
Pangeran Jawikarta
kalawan Jenga Pangerane
Suryadiningrat kang naina
Jeng Pangeran Suryanata
dupu warga istri nipun
punika ingkang paparab.

Ratu Raja Yupawestri
iku putra Kasepuhan
dupi putra Sultan anom
estung jengger hing wibawa
krana putra Kanoman
akeh sinongan lulunggah
Kadipaten sumarambah.

Iku Pangeran Dipati
Madangda miwah Pangeran nama Dipati Kedaton
Jeng Dipati Rajaputra
Lan Dipati Awangga
Lan Jeng Pangeran Ratu
Lan Dipati Pringgabaya.

Miwah Pangeran Dipati
Rawamenggaka ika
lawan Dipati Kaprabon
lan Dipati Rajakusuma kang istri nama
Jeng Ratu Arya Kidul
Lan Jeng Ratu Arya Wetan.

Ratu arya Kulon malih
lan Ratu Aryu Paengah
miwah Ratu Arya Elor
lan Ratu Arya Kancana
lan Ratu Arya Kendra
lan Ratu Mas Kiranahayu
lan Ratu Mas Najiyah.

Ratu Mas Rara Pawestri
lah iku putra Kanoman
kumerab serta gelare
para Gusti hing Pakungja marena ingkang tedakan
ingkang ngasa ya sinebutaken nama Raradenan.

Sasuka-suka ning ngati
hing Carbon sakarsa-karsa
tanana durga angampo
cacangkok-cacangkok ira
wangun sakarsa-karsa Tumenggung pasitenipun
tanopen Tumenggung nagara.

Riniyung Punggawa Mantri
katak wus tanpa wangenan
hing ngadi-jadi Sang Katong
anjalana mangku reja
sakariping sewaka
Sang Ratu tan nampik ulun
ingkang ngolah niti praja.

Anopen yuda nagari Sang Ratu ngumbar langenan
kang maring sakukubane
amburu kidang menjangan
anjaja wana wasa
ing ngiring sakul paburu
muwa ingkang paninggaran.

Kesel anjajaring rusit
nuli angumbara langenan
dumateng pagunungane
wani ming sangjang Talaga
ana kalane yasa
babalongan adi langun
ana hing sakarsanira.

Ing sumber hing Linggarjati
waneh samudran wangunan
nawang gambir layane
kesel angula daratan
ameng-ameng paprahu
konting hing maja lautan.

Keseling maja jaladri
ming daratan angadu macan
den edune lawan wong
hing Karangkeng wong kang nama
Ki Taru lan Ki Wukur
kang pada angaji timbul
aji girang sing Karang.



Ginawe bakti remening
pangameng-ngameng Nata
duk samana dodolane
wong cilik tarung lan macan
lan banteng dadar tapa
lan den una sikalaku
dening kartane Sang Nata.

P A N G K U R

Satuwhe hing ngagesang
kudu bae ana rungsebing bresih
ana ingkang rusuh-rusuh
wong raraton ning kana
hing Gunung Galunggung paja-paja Ratu
bebresatan saking wetan
ngulilip laku momori.

Momori hing Karajahan
apinda-pinda Ratu ngirupi alit
ya ta wong carbon anglurug
Mantri ingkang pranama
Sarajaya kalawan Ki Jayengsatru
Astrajaya ya pon kesah
Anglurug sing Pakungwati.

Kanoman lan Kasepuhan
samya lurug pan samya ganti gumanti
dumateng Gunung Galunggung
pintening lami nira
graya-graya lan akeh ingkang kasambut
marmane ika walanda
enggal pada anulungi.

Ingkang para kinapitan
Kapitan Ros kalawan Kapitan Muris
Kapten Cina mapan melu
Kapiten Burwe ika
Kapitan Hongge lan Saradadu nipun miwah kang paranakan
den luruggaken ajurit.

Pirang-pirang tambur ika
saradadu Walanda anggunturi
angelar pabantu-bantu wis pirang-pirang wulan
gennya gelar angluru ya hing Galunggung
lawas-lawas kawatgata
rurusit Galunggung lari.

Bubar lurude mingetan
wusing kreta tan nana uni-uni
ora kaya hing dumuwu
kudu bae kakenan
rusiting Kanoman
kapitena ya hing dudu
Papatih hing Kasepuhan
kang nama Ki Arya Nadin.

Ngajab lubering Kanoman
darapona jengger dadi sawiji
mila pitnahe matur
maring Likman Walanda
yen wong Kanoman nyimpen wong Bugis hing kidul
kanggo angremek walanda
ajan hing Pakungwati.

Lah iku marmine Sultan
Sultan Anom den benteng sawatawis
katiti tan wruhing harju
ya ta ika kang putra
ingkang nama Dipati Pringgabaya rengu
anusul dateng kang rama
hing benteng dipun lebeti.

Hing ngadangan hing Wanlanda
kudu meksa akeh Walanda kemit
kang den adu kumbang kondur
ya lan sampun kepandak
kalih rama hing benteng sigra matur
nuhun idene jeng rama
pun topi hamba kula srik.

Kula tumpes pun Walanda
ingkang rama girap-girap aja Kyai
den eman ming anak putu
aja murwa marah
aja sira darma mimiti hing dudu temahe nak putu benjang
kang rusak darma lakoni.

Ana dene diri ningwang
Allah uga ingkang angudaneni
karanane anak putu bok ora kaya sira
aAlung den ngati sukure maring Yang Agung
jugala awet harja
nunggu pusaka kang dinging.

Adipati Pringgabaya
sireping rengu pituturan kang sajati
pareng Walanda angruru
kateranganing lumampah
Bugisnyata ana hing pasisir kidul
sateh Bugis umah-umah
ora edang ora keding.

Nyata dudu sisipena
Duduminang sraya ngramek Walanda
lah iku marmitanipun Sultan
Anom luwaran
saking benteng salamet alungguh RATU Walanda neda sapura
Jeng Sultan angapunteni.

Liknan Pandemhir kang nama
............................ saenggu ati
............................ kang wau
Sultan Badridin mula ..........
ingkang kula Kanoman iya iku Sultan Gusti iya tunggal
kang nama Sultan Badridin.

Dupi aneng kasepuwaning kang nama Abdulmakarim
Samsudin
ingkang mula nipun
ingkang anama Sultan
Kasepuhn ingksng jeneng Sultan iku
genipun jumeneng sultan
amungan rolikur warsi.

Anuli ika sumala
ajejegi yuswane hing ngauripa sangang dasa kalih tahun
sumulur dateng putra ingkang wau Pangeran Dipati tangtu
hing ngestrena jumeneng Sultan
nami Sultan Jamaludin.

Aneng praja Kasepuhan
wong ngagung ahli suluk hing Hyang Widi
kasengseming dera sugul murakaba hing sukma
anirna lir awujud cengeng ing tawaju
hing supi kapangeranan madep hing jamalullahi.

Kang kacarita lok salat
maring Mekah ingkang badan rokani
ya iku kang neroh laku
mila meled kang kramat.
Gunung Linggarjati den nawe dumulur
marek maring Lawangsanga
wong mahat aren andamping.

Padati tuku kang lahang
salir parekan paa atumbas gendis
sawuring tutug alangun
gunung kinarsa lunga
geblar tebih kadi panggenane mau
malah ana kang kagawandeng ngitaring gunung balik.

M I J I L

Warnanen kadanging Jamaludin
kang nen angolosod
ingkang nami Pangeran Rerangen nuhun ajang adining
ngurip
ming raka ngasyasih
ngalap manah luntur.

Yen dalu sumonggon memeteki
anguling aneng sor
kumlsepa hing jogan rakane
iya denining sanget aminta kasih
hing raka prakawis
ajangnging tumuwah.

Durung bae dipun katrlungi
hing panor samono
dennya ngalpuka hing sihe kadange
sarya beciking hing Walandi
oran nan kadi Jeng Pangeran iku.

Pramilane den rojon hing Walandi
sejane samonoden pirowang hing sagedene
dening tetor ingkang nami
Martanus samsuri
Ingkang junjung-junjung.

Ya mangkana tetor amedeki
hing ngadi Sang Katong hing Kasepuhan pang pinanggih ajek
jejeging adayok Walandi
Sultan Jamaludin
mangihi tatamu
risedenge eca alinggih.

Pangeran apanor
amedek hing ngayunane rakane
ngaturaken sekar kakalih
Sri Campaka putih
ature punika.

Pepetetan kaola tembening
sekar ameng loro
gegel dateng raka sakaliye
kang senungal bada raka istri
kang senungal raka Aji
punika kang katur.

Pareng tinampen kang sekar kakalih
denira Sang Katong
ya ta Walanda surak sakabeh
nabda dalah iku wong sajati
hing waong awawargi
atut sasadulur.

Mesti olih ajang ngaurip
maro salis katon
atas tunggil sagedene
ya tu Sultan tan tangkat sulit
damulur kang dadi rampunging tatamu.

Lah iku marmane sinakolih
karerengen maro
kula balakang saking rakane
angsal pacaca aning jalmi
rong laksa amali
hing sakaprabon nipun.

Pan malulu sing Kasepuhan kang prih
lulunggu samoo
Pangeran Arya Carbon jenenge
nanging sacitak Ratu lilinggih
aneng Pakungwati
jar karo sadulur.

Kalih Kanjeng Sultan Jamaludin
pareng sakadaton mungguh kuloni padawenane
pakoncara pinter hing ngabasuki
prakara kang lair
ika estu punjul.

Wit ning akal alan budi raspati
ora nana loro
amung Arya Carbon kang den gawe
pangeraning kang para Gusti
wadining Aji
hing sawaktu iku.

Jejeg papat Ratu Pakungwati
Kesepuhan maro
Kacerbonan pon iku rayine
hing Kanoman kasekawan maring
Panembahan dadi
papat umbul Ratu.

Kacerbonan kang anyar dumadi
wadanangin Katong
rehing pinter hing Kupeni margane
dadine tinari-tari dingin
mabarang panri
iya maring iku.

Wantu-wnatu Ratu anyar dadi
gelar pandum ming wong
singa cina kang sugih den rampek
den gedekkaken ingkang ati
kinarya punggawi
winagun Tumenggung.

Ambrih gede tomboke angngapti
hing karsa Sang Katong
Pangeran Arya Carbon akale
ya kadunga wangun Sunyaragi
pinangkaning dai
iya saking ngiku.

Pangrojonge cina sugih-sugih
duk waktu samono
ili-ili yan ya saking rembang akeh
cina sugih ingkang angili
kranawetan lagi
nagarane ibur.

Perang Trunajaya durung uwis
akeh cina lolos
pada sira anggambangaken kapele
pan den usungi
hing Carbon angngub.

Pareng dipun imponi
dening Arya Carbon
tangtu dadi gedene atine
rurubahe
kagiri-giri
apa karsa Aji tangtune jumureceng.

Duk binangun iku Sunyaragi
duk babad jamane
sewu nem atus wolu likur
Bujangga nyarsa obah bumi
Kacarbonan Aji
hing sagelaripun.

Wangun saradadu sarageni
sang keping bala wong
 asu paburu uluk latune
ora lawas ika tumuli
Panembahan Aji
dugi ajalipun. 

Ya smulur ingkang putra nami
Dipati samono
wus angadeg Panembahan linggihe
apa ingkang rama wus lalis
angreh ajang mangkin
desa telung puluh.

Panembahan alinggih wawasi
bartapane kahot
maring bangsa arab rumakete
Sayid-sayid akeh madeki
pan den wuri-wuri
minule hing riku.

Remening tapa angulangi salir
napsu sanggeh pamor
ya hing lampah hig manah sukurane tenatren
hing pakaryaning ali
tan katah den pikir
bala gung nganggur.

Ademing karya tan nana matari
Panembahan gone
beda kaji Kacarbonan sahure
panas gawene karananing
akeh kang dipikir
gelaring tumuwuh.

D U R M A

Ra lawas prawantu olaking dunya
kundu ana kulilip
gegering pinggiran
kulon ana hing desa
Conggilis ana gurusit
wong bang nyarak Syeh Yusup ingkang nami.

Araraton rinu bunhing kawula bala
den tanggung pati urip
marmaning dumadya
oreggingbala wita
kasuhur arep numpasi
maring Walanda
sangkane den perangi
den lurugi saking Carbon sing Jakerta
para Kapitan sami
gelar malurungan
ming Conggilis aperang
sawatara akeh mati
umbul-umbulan
wong Carbon ambantoni.

Mantri ingkang anama Astraditaya
Perwajaya lan malih
oraming anggas ara muwa Kumendur Ajar
sarta saradadu pati
bala Makasar Kapitan Ros Bali.

Saking Banten pon bantu mangkana uga
malah sing Banten rusid
ana pinangngeran ingkang seda hing rana
lah iku marganing dadi
Morgel Jakerta
wirang daja ngebruki
amiyambeki kalawan para Kapitan
Syeh Yusup wus kacandak
ka benteng anang Batawi pan sineratan arak lan uyuh anjing.

Malah sira Syeh Yusup pejah jro pancana
waktu samana dadi
kasuhur Walanda
nutug dennya pirowang
maring Ratu Nusa Jawi kawilang bisa
anginger karta bumi.

Mila kangge paugeran hing sak Jawa
aminahing rurusit
palanglang bancana
mila waktu samana
ngupadeni hing nagari.

Rempag-rempug maring putusing kukuman
amor milu ngukumi
tan arsa katilar
krana yen ana durga
rurusit ika kanggo hing
lah iku carat
yen ning akire ngumandi.

Ora lawas Sultan Gusti ing Kanoman
Badridin kang ngemasi
sumuluring putra
wau ingkang anama
sultan Carbon Manduraji
samangke dadya
Sultan Anom Nurudin.

Sultan Kalirudin tunggil punika
sumuluring Rama Ji
hing praja Kanoman
dennya amangku reja
karta tana una-uni
geng alit sukakakang bawa Pakungwati.

Sultan Kalirudin nenggeh puputra
nami Pangeran Gsti
lan Pangeran Kresna
lan Pangeran  Wisnuntara
kang istri Ratu Dipati
lan Ratu Wijaya
lawan Ratu Martasari.

Salamine Kalirudin Mangkureja
ligan tahun tumuli
seda tilar dunnya
sumulur ingkang putra
kang nembe ing yurmaneke
kalilas timur dumaja
kang paman amakili
ingkang anama
Jeng Pangeran Dipati.

Jeng Pangeran Dipati Rajakusuma ingkang ngolah
titi yatnaning nagara.
angreh kagelar mulya
karta hing saguna gati
raharja pura
hing Kanoman bawa Aji.

Ora lawas Jeng Sultan hing Kasepuhan
ingkang nama Jamaludin
seda tilar dunya
sumulur dateng putra
wus hingistren ngadeg Aji anama Sulta
Raja Tajulngaripin.

Alim Kitab limpad maring basa Arab
nit yasa ngangit kadis
Kitab cara Ngarab
angaceki sapraja
Pakungwati tana ngirib
hing kala hing basa
sagujiya logawi
remen angintar Kalimah hing Ngilmu rasa
hing cecelaningsupi
hening hing Pangeran
Rububiyah Yang Sukma
acager wisik sajati
duweting Bengat
kang srih pinusti pasti.

Angelaraken amangguron hing iktikad
mila kasuhur dadi
Guru Ratu mulya
Wakil mutlaking Allah
hing sagara Pakungwati
ora liyan
nanging Pajulngaripin.


Anggongon ni warangi apiking lampah
ambeningaken ati
kang abangsa sukma
kapangerananing Hyang singa Pandita kang luwih
pan minaketan
hing asil kang sajati.

Kaji Abdulmuchyi
Panembahan Karang
Ki emas Saparwadi
lan Kyai Amyah
pan sur kang sena wita
karana jatining wisik kimalaspa
Ki Gunung Cinde malih.

Sutruping lampah karuyaning manah
Hing esir kang sajati
Rasaning itikad
Kasuciyaning manah
Winuri hing jati salir
Kang sinungkeman hingbangsa Guru Aji.

M E G A T R U H

Tan anatara lamine wau sang ratu
Kacarbonan kang nami
Arya Carbon seda sampun
sumulur dateng kang siwi
kang raket kaliyan Petor.

Petor ingkang nama Korneli Jonglut
kang ngangkat diri Narpati
hing Kacarbonan kang sunu
dumadi bisa anami
perhangkatan Sultan Carbon.

Sultan Carbon martawijaya alungguh
Djuluri rama kang lalis
Dadi munda namanipun
Dupeh ramane mung olih
Asenggi bae Sang Katong.

Namging masih nama Pangeran duk mau
dupi kawuri kang siwi
sumulur tur jeneng Ratu
pangkating kulit putih
ingkang rumewang marono
wit ningakal budi pon kadi hing maukukuh ing yuda negari
bai jawa kang dera punjul
yatnaning sujana jawi
angintar krama Sang Katong.

Angundaki Pajaksane hing sawaktu iku
putraning pragata Aji
Kacarbonan sila rampung
bubuntasaning pradong di
rampunge ana hing kono.

Mila kocap wadaning Ratu
gemet kang budi pikir
hing pada repaning kungguh
tan kewran hing ganal repit
awon pened kawaspaos
ing prakara kalangenan katan tiru
pramila so Sunyaragi
menda hing natkala iku
tan pati kaisik isik antenge aneng Kadaton.

Tana lami hing karta bawaning Ratu
nuli Sultan Carbon
sumulur maring sadulur kang mangke den angkat malih
hing pranami Sultan Carbon.

Sultan salir pangritaning Pakung
lah iku duk jamaning
Adiwijaya atiru
rama aremaning rasmi
kalangenan hing kalangan.

Sampurnaning Sunyaragi waktu iku
kang anggemeti sahadi
kapuratining kalangun
pan winangun angundaki
hing sapa kikirnan Carbon
ra nama kang mantari saking iku
atila hing Maespati
endah parawatan kosong.

Raduwe mas inten dipalalu
sok duweya umah becik
ingkang prayoga kadulur
hing sasamaning ngaurip
hing pada-pada ning Katong.

Karemane malih yen lampah paburu
kidang manjangan ana hing
alas sakukuban nipun
dadi kasengseming ati
yan sampun angulah buruan.

Ya kadung alas Sumedang den rangkus
den buru kang isi rungsi
pangeran Sumedang mumbul
dumateng Morgel Batawi
ora trimah wong Carbon.

Gennya buru dudu sakukuban nipun
Sultan Carbon dipun panggil
hing pradataning Gupenur pimrasila amangsuli
yen ika kabara Carbon.

Tetengere beling kang ngetap ping kayuyu Sumedang
ngukuhi
endita tetangeripun
wong Sumedang ora Bangkit
gawe katrangngan ning kono.

Ing pramila Morgel mutus ya ika estu
Carbon ingkang kaduweni
Marmane sawaktu iku
Sumedang kureh dening Kacarbonan duk samono.

Tanna lawas Sultan Anom wapat sampun
sumulur datang kang siwi
kang anembe umur sapule
ingistren madeg Narpati
wus jumeneng Sultan Anom.

Sultan anom Abukeridin papat abipun
reh hing masih timur dadi
den wakili hing Tumenggung
Kyai Baudengda wakil
kang gaib kulo bala wong.

Ya mulane den sakili Ki Tumenggung
krana drapon ngampil
yeng mengko sedeng pinundut
aja angel-angel maning
aja degeng aja alot.

Krana mau duk kang rama wakil Ratu
maring Pangeran dumadi
pareng sadenge pinundut
alot datan kena gampil
lah iku kang winingatos
ya harjaning Kaniman sangsaya wuwuh
pakarta saya gampil
adilullah kang den luru
prakara ning agama nabi
kang winuri-nuri hing wong.

Ramane kang asalat sarta asum
iku hing Kanoman yakti
ngaceku ibadah ipun
gelar-gelar laku santri
nyaji sembahyang tan coto.

L A D R A N G

Ora lawas nuli Panembahan lalis
mapan ika sumulur dateng kang siwi
wus hing ngistrenan
jumeneng Panembahan Raja.

Anglalurekaken maring kang yudi
pan mangkana
kapanditan kang den goni
sabar tawakal suka lila ing manah.

Tan na lawas Sultan Sepuh lalis
mapan ika
sumulur datan kang siwi
hing ngestrenan inggih punika Seltan Sena.

Kang paparab Kanjeng Sultan Jenidin
kang anggelar ameng-amengan ripangih
eman mangun dikir ingkang sarta kadam.

Pirang-pirang kadam manusa penilih
dadabusan kaluriyane wong supi
pan amurih lampahe Syeh Abduljelan.

Ingkang supi amangeng badan rabani
nora liyan iya ngelmu rasa maning
wis lungguwe aneng praja Kasepuhan.

Kang den gugoni punika kang supi
kajatiyan hing rasa wesesa batin
mula datan sumangganing barjamoat.

Supi iku kararepane ming sepi
mengko medal parameyaneng ripangi
andadar raken ing lampah hingk Wali yan.

Ra lawas Sultan Carbon ingkang nami
Adiwijaya seba kasihure dening
mung kang mantu boya gadah putra lanang.

Inggih punika Sultyan Carbon ingkang nami Abukayat
kang brangasaning kapti
datan kena wong salah ya pinejahan.

Salah satitik ya nuli pinaten akekula
bala kang kadengda pati
nanging ora sa ukum lawan pradata.

Lah iku dadine kang ciri waneyi
ming Nalendra marmane dadi den basmi
kinendangaken lan ora ya sinuluran
iku punggel Kacarbonan tan anuli ora lawas.

Panembahan mapan lalis
pang mangkana punggal ora sinuluran
ra lawan Sultan Sena angemasi
sinuluran dening putra ingkang nami
Sultan Sepuh Matangaji kang anglar.

Ingkang depok aneng dudun mangaji
senggi seja
babak laku maha yakti
ora kaya ora lali dening jaman.

Dadi migel hing ngakal lir pindah kagingsir
pan mangkana
akeh abdi den pateni
tanpo dosa bawaning gingsir kang akal.

Ing marmane hing Kraton den adegi
nami Sultan
langgih rayine
dipun subun naminipun Sultan Muda.

Dupi wau Matangajo dipun serik
disampurna kaken lawan mati Sahid
ingging ranipun layan pradata dinulu.

Ra lawas hing Kanoman mapan inggih
winursita Sultan Keridin ngemasi
sumulur ingkang putra wus ing ngistrena.

Kang paparab Abutayib Umam Mudin
waktu ika obahing dorujamani
akeh ewong raton ganti mrawasa.

Ing Kasepuhan Sultan Muda duk lalis
kasuluran dening kang putra hing ngasrih
Sultan Joharudin anenggeh ingkang paparab.

Ingkang nembe umuripun sadasa warsi
rekening ika masih timur den wakili
dening Kyai Jayadirja wakil Nata.

Lawas-lawas ibure nagara dening
Tingarengan ana kang brandal cilik
sirep ika kapupu tan nalawas.

Sultan Imamudin Kanoman angemasi tilar dunnya
sumulur datang kang siwi
hing ngistrenan alinggih aneng Kanoman
kang sinebut namane Sultan Kamarudin
duk saman masih iburing nagari
dening akeh wong raraton babarandal.

Barandal rangin panyeleke anggunturi
duga harta ngobar praja Pakungwati
sengge pada amuri raja Kanoman.

Jumenga Sulta aneng Pakungwati
mangka guna hing walanda anduluri
marmanipun Pangeran Raja Kanoman.

Iya saking pakengdangan katuran mulih
hing Pakungja den istreni madeg Aji
pan den paneyi sapanjeneng kewala.

Namanipun Sultan Carbon amet nami nipun nama
Jeng Sultan Abukeridin
waktu iku ana maning Kacarbonan.

Pan asele sing Kanoman kang angguntosi
dupi bala den bagi telu duk lagi
ijrah sewu rangngatus padlikur warsa.

P U C U N G

Ora lawas wong agung Prasman arawuh
dennya amet guna
nagara Carbon
praja teluya kinen iku sebaha.

Asebaha hing dewek ke kang angratu
emaban-embanira
ingat-ingatan sing Carbon
ingkang nama Kyai Nata Nagara.

Ingkang nama Raden Dipati kang mangku
Tumenggung titiga
Kasepuhan Kanoman
Kacrbonan seba hing kiyambekira
ora lawas wong agung inggris arawuh
mapan emban-embang kekendangan saking Carbon
ingkang nama Kyai Mangkunagara.

Duking jaman sewu pitung atus
patang puluh wasa
punjul siji benere
ijarah sewu rong atus wolu likur ya.

Lah iku wong Inggris ingkang asanggup
anggolang nagara
Sultan mruka hing bagusi
amuktiya kariya guling lan dahar.

Sultan tetelu anarimah hing paciyun
tan ngasta nagara
anampeni paseyane
kang anggolong kang tungtu maring Sang Nata.

Ora lawas Sultan enggal sampun
seda tilar dunnya
punggel tan risulure
kari loro jenengeng kang nama Sultan
gantos telung tahun ya mangkana sultan Sepuh
Jaharudin seda
sumulur maring rayine
ing ngistrenan samana nama Sultan.

Apeparab sultan samsudin puniku
hing waktu samana
Sang Ratu kari namane
parentahe Walanda ingkang anggolang.

Nrimah sukur genting-genting ora putus
barkahe Susunan
kapinundi hing ngaube
hing ngauban kang neng karamatullah.

Kang winuri-wuri dening anak putu
kang manah sukuran
rahayu hing salungguhe
ya salamet wong badami hing ngagesang.

Yen catula hing badami lan laku
tantu pada kebat
kendang saking negarane
sarta ora winuri-wuri suluran.

Ya mulane Sultan Banten waktu iku
lebak galintungan
bondan oran ana ratune
iya sakinmg cantula sabda mring Walanda.

Tanalawas nuli ana rusuh-rusuh
wong raraton
nama bagus Serit hing jenenge
ngangkat perang ngaloyong laku berandal.

Sengge neda prasudan gawening Ratu nanging amudusta
amiet singgih araraton
ora pira lawase tumuli kena.

Kapupu hing harja sirna wis kukum
malah lami karta hing Carbon salir tumuwuhe
mundak untung pangngupa jiwaning tanda.

Golang praja lan sarwaning kang tinandur
ora lawas ika
yasa Wali binurake
masjid agung den dandani dadi anyar.

Dadi tuduh yen dadi anyaring tuwuh
anyar hing nagara
duk samono hing babade
jaman kalih sewu pitung atus suwidak.

Nenem tahun Jim awal wurining iku
lawas-lawas Sultan
Sepuh Samsudin sumeren
babad sewu pitung atus pitung dasa.

Punjul loro ora tumunten sinulur
banta kalih warsa
sumulur datang putrane
hing ngitrenan jumeneng nama Sultan.

Gantos wulung tahun Sultan Anom larut
sumuluring putra
hing tahun iku hing ngistren
nami Sultan ana hing praja Kanoman.

Duk babading jaman Kalih nedeng sewu
pitung atus lawan
wulung puluh hing jejege
kawruhan yen genting tan nana pegat.

Barkah hing sukuring abadami laku
becik lawan ala ana rungu di rungu
bawaning kang basa kaselang hing purba
Purba nagara wong Walanda kang ngukup
Hing sanusa Jawa.


Aku kecapean tapi juga senang karena naskah
Babad Cirebon sudah selesai aku salin.

By alang alang

Tidak ada komentar:

Posting Komentar